Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 19

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 19

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


19[edit]

19 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 11 Pangoedja ngoedjané Wong Betawi Marang Tjina, lan Pengramané Wong Tjina. Mas Garendi didadèkaké Ratoe Penglawané Pakoe Boewana II. Pambelané Mangkoeboemi lan RM Said lan Pecahing Nagara.Perang Banten.


Mas Garendi (wayahè Mangkoerat III) oetawa Soenan Koening, Mangkoerat V. Mangkoeboemi, Pangéran Mas Said

1727 – 1749 

Pakoe Boewana II

1725 – 1729 

M. de Haan

1755 Hamengkoe Boewana I

1749 – 1788 

Pakoe Boewana III.

1637 – 1639

A. Valckenier

1757 Mangkoe Nagara

1743 -1750 

G. van Imhoff


1750 – 1761

J. Mossel


Ing wiwitané abad kang kaping 18 Betawi akèh banget Tjinané. Ora antara soewé wong Tjina maoe akèh sing anggoeran; ing koetha Betawi lan wewengkoné kerep ana reroesoeh. Ing saadegé Betawi akèh wong Tjina kang diboyongi saka Banten menyang Betawi kanggo ngredjakaké koetha, awit wong Tjina maoe sregep lan pinter gegawéyan. Sesanggané dièntèngaké, soepaya Tjina liyané padha kepéngin gelem manggon ing kono. Wasana ing wiwitané abad 18 doega doega ing sadjroning koetha baé ana djiwa Tjina 60.000 lan ing wewengkon Betawi 40.000. Déné kang dadi pangoepa djiwané, nenoekang, adol goela, tèh, nganti akèh kang bisa dadi soegih. Ewa déné soewé soewé ing Betawi saya akèh Tjina kang ora doewè panggaotan, gawéné moeng ngemis, malah ora sethithik kang gelem nindakaké kadoerdjanan. Kang ndadèkaké ora trimané wong Tjina iya ikoe:

  1. Dhawoehé GG. van Swol (tahoen 1713 – 1718) bab reganing tèh Tjina. Tekané Tjina saka ing negarané padha noempang praoe kang momot tèh didol marang VOC. Bareng para Bewindhebber roemangsa ora pati akèh kaoentoengané enggoné dagang tèh, GG. maoe bandjoer namtokaké yèn tèh weton negara Tjina, kang maoené diadjèni 60 roepijah ing sadhaciné, ing sabandjoeré bakal diregani 40 roepijah. Temahan noeli ora ana praoe momot tèh teka ing Betawi. Saka pangoedining GG. Zwaardekroon wiwit ing tahoen 1722 ana praoe momot tèh manèh teka ing Betawi.
  2. Ing tahoen 1706 wis ana angger nglarangi wong Tjina teka ing Betawi tanpa panggaotan. Wiwit tahoen 1722 Paréntah dhawoeh nggawa Tjina kang tanpa panggaotan, menjang Ceylon, Bandha oetawa Kaap de Goede Hoop. Moeng kang doewè layang pratandha idining Préntah, kena lestari manggon ing Tanah Jawa.

Ewa déné ing Betawi ing Betawi ora entèk entèk Tjinané kang anggoeran sarta gawé reroesoeh. Woesana ing tahoen 1740 GG. Valckenier nemtokaké poetoesan: sakèhing Tjina kang sakira nyoemelangi, senadyan doewè layang pratandha, koedoe dicekel kalebokaké ing koendjaran, perloe katiti priksa. Tjina maoe yèn ora doewè panggaotan koedoe digawa menyang Ceylon, diwènèhi pagawéyan nggarap kebon manis djangan. Para poenggawa kang nindakaké dhawoeh maoe, padha golèk kasil, senadyan Tjina soegih padha diancam arep dikirimaké menyang Ceylon, soepaya metoe beselé. Wekasan dikabaraké yèn kareping Paréntah nedya noempes Tjina kabèh. Tjina padha moering kamoran wedi, akèh kang loenga saka koetha, klambrangan gawé reroesoeh malah nganti wani nempoeh koetha. Wong Walanda saya giris bareng kroengoe warta yèn kraman sadjabaning koetha sekaitan karo kang ana ing djeron koetha, pratandhané déné padha tandho gegaman lan nyingkiraké anak bodjoné; besoek yèn ana omah kobong Tjina djaban koetha lan djeron koetha bakal bebarengan nempoeh. Doemadakan sawidjining dina ana omah kobong temenan. Bangsaning Walanda arahan dibantoe para matroes sarta saradadoe apa déné wong Jawa lan batoer toekon bandjoer padha toemandang ngiras males oekoem marang pangroesaké Tjina. Genining omah kang kobong dioebal oebal, sakèhing Tjina kang ora bisa oncat padha dipatèni, barang darbèké didjarah rayah. Nganti saminggoe soewéné moeng mangkono baé kaanané. Omah kang kobong ana 600, Tjina kang dipatèni kira kira 10.000. Ngoeninani pangroesak kang nggegirisi ikoe, Préntah ing Betawi kèndêl baé. Para pradjoerit mèloe gawé roesoeh ora dilarangi. Malah nalika lagi ana èra èroe ikoe GG. Valckenier dhawoeh matèni sakèhing Tjina kang ana ing pakoendjaran. Ing satentreming koetha Paréntah ngondhangaké pangapoera marang Tjina, kang gelem masrahaké gegaman. Akèh kang gelem manoet, noeli diwènèhi panggonan ing djaban koetha dadi sakampoeng. Tjina kang padha oncat saka Betawi lan Tjina ing liya panggonan, ngoempoel dadi baris gedhé, ngepoeng koetha Semarang. Soenan Pakoe Boewana II mbiyantoe marang Tjina, awit digalih Tjina bakal bisa ngloengaké Walanda, lan bandjoer dhawoeh nempoeh bètèng Walanda ing Kartasoera. Para opsir ana ing kono padha dipatèni, saradadhoené dipeksa mandjing Islam. Ing sawoesé wong Walanda ing Semarang oleh bantoe saka Betawi, wong Tjina keplayoe. Wong Madoera oega mbiyantoe marang VOC. Dhèk samana Soenan Mataram soemelang yèn bakal tampa piwalesé VOC. moelané enggal enggoné minta pangaksama. Para priyagoeng Jawa kang sengit marang Walanda lestari mbiyantoe Tjina, dadi moengsoeh ratoené dhéwé. Kartasoera ditempoeh, Pakoe Boewana II kèngsêr. Bandjoer Mas Garendi, wayahè Soenan Mas kadjoemenengaké ratoe, adjedjoeloek Mangkoerat V, nanging katekanè sineboet Soenan Koening. Paréntah Betawi noeli nglakokaké bala menyang Kartasoera. Kabeneran kraman Jawa ecrah lan kraman Tjina, dadi gampang enggoné noengkoelaké. Mas Garendi diboewang. Kratoné Pakoe Boewana II bandjoer dielih menyang désa Sala, kang noeli didjenengaké Soerakarta Adiningrat. Poelo Madoera lan Tanah Jawa pasisir lor bandjoer dipasrahaké marang VOC. Soerasané pradjangdjian ing tahoen 1743 mangkéné: Soenan Pakoe Boewana ngakèni yèn enggoné lestari ngrenggani kaprabon ikoe moeng saka kawelasané VOC. Bareng Cakraningrat ing Madoera tampa dhawoeh yèn negarané dipasrahaké marang VOC., banget ing pambangkangé, malah ngedjègi tanah Madoera sisih koelon, lan tlatah tlatah ing Tanah Jawa Wétan. Temahan diperangi ing VOC. Ora lawas Cakraningrat kecekel, diboewang menyang Kaap de Goede Hoop. Poetrané diangkat boepati déning VOC. ngerèh Madoera kang koelon. Tanah wewengkoning Betawi nalika ana kraman banget karoesakan. Dhèk samana kang djoemeneng Gooeverneoer Generaal Baron Van Imhogg (tahoen 1743 – 1750) iya ikoe priyagoeng kang sregep lan cakep ing gawé. Saka pangoediné Van Imhoff tanahè bisa redja manèh. Nalika tahoen 1744 Van Imhoff pepriksa menyang wewengkoning Betawi nganti ketoeg pagoenoengan. Sawoesing papriksa, kersané GG. Van Imhoff, tanah tanah kang bera arep diséwakaké oetawa digadhèkaké, karebèn metoe kasilé. Wong kang nggadhé oetawa nyéwa tanah bakal oleh wewenang sarta pangayoman saka Paréntah, nanging woeloe wetoené koedoe didol marang VOC., regané ditemtokaké ing Paréntah. Van Imhoff dhéwé noeladhani, mbobak tanah ing soekoené goenoeng Salak, sarta ing kono ngedhegaké pasanggrahan didjenengi Boeitenzorg (tahoen 1744). Para Bewindhebber noeli awèh loeloesan yèn Boeitenzorg katetepaké dadi pasanggrahané para Gooeverneoer Generaal. Kadjaba saka ikoe Van Imhoff nekakaké wong saka nagara Walanda kang pancèn bakoe tani. Bandjoer pranatan kang ndadèkaké kapitoenané wong Jawa disoewak, yaikoe yèn pametoené kebon kopi kakéyan, kebon maoe dibabadi amrih oendhaking regané kopi. Tindak mangkono ikoe dilarangi, noeli GG. Van Imhoff nemtokaké kèh sathithiking kopi kang dadi ladèn marang VOC. Van Imhoff sawisé ndjadjah Tanah Jawa Tengah sarta Wétan, noeli ngarang layang palapoeran kang maédahi banget ingatasé Paréntah. Ing ngisor iki katjarita bab perang lan reribedé VOC. sarta Mataram kang marga saka koerang wewekané tindaké Van Imhoff. Nalika GG. Van Imhoff ana ing Soerakarta ing wektoe samono Pangéran Mangkoeboemi lagi seserikan karo kang raka Kangdjeng Soenan. Saka kersané Van Imhoff arep ngélingaké marang Sang Pangéran nganti kewetoe serengé ana ing pasamoean, andadèkaké banget seriké Pangéran Mangkoeboemi, awit roemangsa bener, kok malah disrengeni. Ing saoendoeré saka pasamoean Sang Pangéran troes lolos saka nagara, ngimpoen bala sarta bandjoer gandhèng karo Radèn Mas Said, kang ing wektoe ikoe wis madeg kraman oega. Priyagoeng sakaroné wis sekoetoe ngraman marang Soenan Pakoe Boewana II. Ing tahoen 1749 kraman doeroeng kena disirep, bandjoer Kangdjeng Soenan séda, ikoe saya andadèkaké kisroehing nagara. Nalika Pakoe Boewana II isih gerah, Van Hogendorp, Gooeverneoer ing pasisir lor, ditimbali, dingendikani bab oreging nagara. Dadining remboeg karadjan Soerakarta dipasrahaké babar pisan marang VOC. Dadi ing satemené wiwit tahoen 1749 para ratoe Jawa wis ora kagoengan boemi.

Sanadyan saka karsané kang rama Pangéran Adipati Anom wis ora doewè wenang marang karadjan Soerakarta, nanging Sang Pangéran meksa kadjoemenengaké nata déning Van Hogendorp, moeng baé enggoné djoemeneng mengkoe nagara doemoenoeng anggadhoeh. Para priyagoeng ing Soerakarta akèh kang mrekitik atiné bareng ngerti yèn tanah Soerakarta dadi darbèking VOC., bandjoer padha mbalik ngiloni Pangéran Mangkoeboemi. Sadoeroengé Pangéran Adipati Anom djoemeneng Pakoe Boewana III, Mangkoeboemi wis ngakoe djoemeneng ratoe ing Banaran. Sarèhné Pangéran Mangkoeboemi koempoel lan RM. Said, dadi santosa banget, nganti bisa ngeloen loewih saparoné Mataram. Pakoe Boewana III ora kagoengan wragad sarta pradjoerit ora bisa loemawan perang, dadi anané moeng mangsa bodhoa marang VOC. Perangé kraman lan Compagnie genti oenggoel genti kasoran, woesana ing tahoen 1751 Pangéran Mangkoeboemi bisa ngalahaké Compagnie ing sacedhaké kali Bagawanta. De Clerq sénapatining pradjoerit, mati. Sabakdané ikoe Sang Pangéran ngalakokaké bala mengalor neloekaké Pekalongan malah mèh nglodjok djadjahan Compagnie. Paréntah ing Betawi soemelang banget, noeli nyantosani pradjoerit, wasana Mangkoeboemi kepeksa moendoer, moebet ing wewengkoné Mataram manèh. Ora antara lawas Pangéran Mangkoeboemi ecrah lan RM. Said nganti padha peperangan dhéwékan, awit RM Said doewè pamélik arep djoemeneng Soenan dhéwé. Prakara ikoe ndadèkaké kamayarané VOC. éwa déné Paréntah iya meksa rada wegah; oetawa manèh sarèhné ngéman roesaking nagara lan wong cilik, moelané GG. Mossel roedjoek lan karepe Van Hogendorp, para panggedhéning kraman arep diroekoen baé, dicoewilaké tanah Mataram. Ing tahoen 1754 GG. Mossel tindak menyang Semarang katemoe lan Kangdjeng Soenan, perloe remboegan enggoné arep mérang karadjan Mataram. Pakoe Boewana manoet baé, awit ora ana kang diendelaké. Kelakon Van Hogendorp bisa remboegan lan priyagoeng sakaroné ing kraman, nanging ora kedadéyan. Kang goemanti Governeoer Harting ikoe bisa angon mangsa. Sarèhné Mangkoeboemi lan RM. Said tansah memoengsoehan, mangka RM. Said kegedhén pandjaloek, moelané toemrapé Harting gampang baé enggoné bedhami karo Mangkoeboemi. Ing tahoen 1755 Sang Pangéran Mangkoeboemi bedhami lan Compagnie sarta Kangdjeng Soenan ing Giyanti. Poetoesing bedhami Sang Pangéran kadjoemenengaké ratoe ngerèh saparoning karadjan Mataram, nanging koedoe netepi pradjangdjian koewadjibané marang Compagnie. Sang Pangéran Mangkoeboemi bandjoer djoemeneng ratoe akadaton ing Ngayogyakarta Adiningrat djedjoeloek Soeltan Hamengkoe Boewana I, Sénapati Ing Ngalaga Abdoelrahman Sayidin Panatagama Kalipattoelah. Wiyosané malem Rebo Pon kaping 27 Roewah windoe Sengara tahoen 1641 sinangkalan ”Janma Karya Wayanging Rat” oetawa kaping lima malem 6 Agoestoes 1717. Moenggoeh loehoering panggalihané Sang Praboe dicritakaké ing layang Radjapoetra, mengkéné : ” Brataning galih sang nata, tansah olah djayèng djoerit, atiti prana niskara, soera mbeg poetoes mikatsih, moedja soeraning dasih, pinrih samya gregetipoen, soera asmarêng laga, memthèk kang woes wiradi, sinakyoen dinadar boga boesana. Sinoeksma goeng bala tantra, panglembanira ngenting, kongas ing prabawa nata, moerba prabaning memanis, mawenes ing pradjasri, asri rasning roem aroem, soemiram wartèng wadya, warata esthining dasih, srah soesetya rena lir manggih soewarga. Warga goeng gambira samya, soemyak tedjaning nayadi, adining kawirotaman, toemamèng karya narpati, kétang sihnya Sang adji, loemrah kang bala wadyagoeng, galaking para moeka, tanah ing liyan nagari, myang ing manca kekes samya mèstoe déya”. Ing layang Radjapoetra kono oega nyeboetaké kresanané Sang Praboe: dahar sega poelen wangi, djangan loncom tanpa santen, boeboek dhelé lan témpé gedhé ginorèng. Kang minangka dhaharan (panganan): ketan entèn entèn, lemper iwak pitik, ketan kolak gedhang radja. Dadi moeng sarwa gampang, toer moerah lan mirasa. Tanah wewengkoné pradja Kasoeltanan dhèk semana ora dadi sidji kaya saiki, djalaran lemah lenggahè ing Soerakarta lan Ngayogyakarta padha pating plencat lan ora silah. Wewengkoning karadjan karo karoné kena kabédakaké dadi teloeng warna: 1. Negara yaikoe koetha karadjan; 2. Negara Goeng, tanah sakiwa tengené negara, lan 3. Manca negara. Kanggo loemrah lemah loenggoehé para poenggawa ikoe ana ing negara goeng, ana sidji loro kang ana ing manca negara. Tanah manca negara maoe dipenggedhéni boepati kang bandjoer kena sanggan padjeg pabandaran (strandgelden), tanah Kedjawan moeng kari: I. Koetha Soerakarta lan Ngayogyakarta II. Negara goeng iya ikoe:

   1. Mataram = Ngayogyakarta,
   2. Padjang = Soerakarta sisih kidoel koelon,
   3. Soekawati = Soerakarta sisih  lor wétan,
   4. Bagelen,
   5. Kedhoe,
   6. Boemi Gedhé = Soerakarta sisih lor koelon, lan

III. Manca Negara, yaikoe Banyoemas, Mediyoen, Kedhiri, Japan =

     Soerabaya sisih kidoel koelon, Jipang = Rembang sisih kidoel 
     wétan, Grobogan lan tanah cilik cilik liya sawatara.

Moerih dhamangé ing boekoe Klepoe, panggawéné ana ing désa Klepoe dhèk tanggal 26 September 1757. nanging boekoe ikoe ilang, moelané bandjoer ndadak gawé manèh ana ing Semarang ( 2 Nopember 1773). Kamot ing layang kang didjenengaké ”Semarangsche Legger”. Sadjroning papréntahané Soeltan Swarga, Ngayogyakarta dadi karta rahardja, nganti karoesakané nalika paprangan wis poelih ora ana labeté. Toemekaning séda, Sinoewoen Hamengkoe Boewana I lestari becik karo Kompeni. Bangsa Jawa ngloehoeraké banget karo pandjenengané lan ngalem marang kasetyan lan kasoedirané, nanging marga soegengé ikoe kerep ngrekaos, bandjoer rada nemahi watek brangasan sethithik. Kerep banget pradondi prakara wates karo karaton Soerakarta. Déné leremé marga ananing wates anyar ing tahoen 1773. Tangkebé karo Pangéran Mangkoenegara, yaikoe poetrané mantoe, rada koerang becik. Loewih loewih wiwit tahoen 1763 saploke Kangdjeng Soeltan mindhokaké poetrané (Kangdjeng Ratoe Bendara) karo Kangdjeng Pangéran, bandjoer kerep banget padha edjèg ingedjègan reboetan bawah nganti angèl pisah pisahané, marga prakara enggoné padha pasrahan poenggawa kang padha aliyan bendara, bandjoer padha perang manèh. Kedjaba ikoe Pangéran Mangkoe Negara ora saged ngapoera marang Soeltan Hamengkoe Boewana I, marga garwané dipoendhoet bali maoe. Déné Kangdjeng Soeltan ndakwa, yèn Pangéran Mangkoe Negara gawé roesoeh ana ing bawah Kasoeltanan. Kangdjeng Soesoehoenan ing Soerakarta ngéloni Pangéran Mangkoe Negara. Perangé ikoe nganti tekan tahoen 1777. Wiwit tahoen ikoe tangkepé Soeltan Swarga marang Kangdjeng Soenan lan Pangéran Mangkoe Negara katon becik. Katjarita RM. Said isih mbadjoeraké perangé, nanging soewé soewé ora bisa lawan, awit diboet pradjoerit VOC. lan balané Soeltan Hamengkoe Boewana. Bareng kapèpèt ing tahoen 1757 gelem bedhami ana ing Salatiga; poetoesané RM. Said kacoewilaké karadjan Soerakarta, kadjoemenengaké Pangéran Adipati, djedjoeloek Mangkoe Negara, ngerèh tanah Kedoewang lan Wanagiri, nanging iya nganggo pradjangdji mbangoen mitoeroet VOC. Nalika VOC. lagi nengah nengahi perang lan kraman Soerakarta, yaikoe tahoen 1750, ing Banten ana kraman oega; moenggoeh kang dadi djalarané mangkéné: Wiwit ing tahoen 1733 kang djoemeneng ing Banten Zeinoel Arifin. Ikoe pangalihané ora koekoeh, nganti kena kena diepak ing garwané trah Arab, asma Sarifah Fatimah. Karepe Fatimah arep makolèhaké kaponakané asma Sarif Abdoellah, kang woes kapoendhoet mantoe sarta kaangkat Pangéran déning Soeltan Zeinoel Arifin. Nadyan katemtokaké saremboeg lan Compagnie, yèn kawenangaké goemanti djoemeneng ratoe, poetrané Kangdjeng Soeltan kang woes kaangkat Pangéran Goesti, éwa déné Sarifah Fatimah or goemingsir. Saka pangodjok odjok lan wewadoelé Fatimah, Soeltan ing Banten nganti kalimpoet, doewè pandjaloek marang Van Imhoff soepaya Sarif Abdoellah kenaa kadjoemenengaké Adipati Anom, déné Pangéran Goesti bakal kalorot. Bareng Pangéran Goesti kroengoe pawarta kang mengkono ikoe, énggal énggal nyoewoen pangéyoeban menyang Betawi. Saking pinteré Fatimah lan soemelangé VOC. bok menawa bakal kepeksa perangan manèh yèn ora noeroetana karsané Soeltan Banten lan Fatimah, moerih katentremaning nagara Sang Pangéran Goesti disingkiraké menyang Ceylon. Let satahoen Soeltan Banten kaya kaya gerah èngetan klendjit klendjit arep owah, Sarifah Fatimah agé agé ndjaloek lèrèhé marang Van Imhoff. GG. Van Imhoff mitoeroeti, Soeltan Banten malah diboewang menyang Ambon, ora lawas séda ana ing kono, nanging Compagnie bakal ngayomi. Sakéndhangé Soeltan ing Banten, kang ngerèh negara Fatimah kabantoe ing Sarif Abdoellah. Sarèhné pangrèhe sawenang wenang, toer wong Banten kang dipanggedhéni Ki Tapa lan Ratoe Bagoes, emoh diratoni ing priyagoeng kang doedoe darah Banten, dadi ora soewé bandjoer ana kraman. Compagnie tetoeloeng ngoeroeni pradjoerit, nanging kalah, awit kraman pancèn santosa. Nalika nedheng nedhengé gègèr gègèran ing Banten ikoe GG. Van Imhoff séda. Saka pamanggihé GG. Mossel, Sarifah Fatimah oetawa Sarif Abdoellah pancèn ora ndoewèni wadjib djoemeneng ratoe, moelané Pangéran Goesti bakal dikondoeraké dibiyantoe VOC. bisané djoemeneng Soeltan. Ing tahoen 1750 Fatimah lan Sarif Abdoellah kecekel kabèh sarta bandjoer dikéndhang. Pangéran Arya Adi Santika, kang rayi Soeltan Zeinoel Arifin katetepaké dadi Soeltan, adjedjoeloek: Abdoel Maali Mohamad Wasioel Halimin, nanging nalika djoemeneng ikoe nganggo pradjangdjian yèn anggoné djoemeneng moeng nggadhoeh, malah tanah Lampoeng bandjoer dadi darbèking VOC. Prakara ikoe isih ndadèkaké kraman manèh: Ki Tapa lan sagolongané wong Banten, kang ora gelem roedjoek lan wong Walanda, ora tarima. Pangéran Bagoes Boeang diangkat djoemeneng ratoe, merangi Arya Adi Santika, Pangéran Goesti lan VOC., nanging soewé soewé Ki Tapa kalah. Ing tahoen 1753 ing Banten wis tentrem. Pangéran Arya Adi Santika sèlèh keprabon marang Pangéran Goesti kang bandjoer adjedjoeloek Aboe’n Natsar Mohamad Arif Zeinoel Acekin. Ratoe anyar ikoe nalika djoemenengé iya nganggo nganyaraké pradjandji kaya déné pradjandjine Soeltan Adi Santika lan VOC.