Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 18

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 18

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


18[edit]

18 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 10 Kaanané VOC Wiwit Tengahè Abad 17 Toemekané Tengahè Abad 18

Nalika J. Maetsoeycker madeg dadi Gooeverneoer Generaal (tahoen 1653 - 1678) djadjahan darbèké Compagnie wis rada akèh.

Betawi lan wewengkoné, wiwit tahoen 1619 Koetha Malaka lan wewengkoné, tahoen 1641 Ambon, Kepoelowan Bandha, Makasar, tahoen 1667 Poento de Gale lan Legombo ing Ceylon, tahoen 1658 Tlatah tlatahané pasisir Coro9mandel, lan Malabar, tahoen 1661 Kedjaba ikoe VOC. iya doewè kantor ing pasisiré soenglon Persi, ing Benggala, Siyem, Formosa lan Decima. Saking djembaring djadjahan lan kèhing kaoentoengan VOC. bisa soegih lan koewasa. Para aandeelhooeder wis akèh banget bathiné, ngoengkoeli bathèn kang wis katemtokaké, iya ikoe 12,5%. Ing tahoen 1642 bagéyaning Bathi nganti moendhak tekan 50%, VOC. dadi ndedel, ing saantarané tahoen 1630 lan tahoen 1650 bisa tikel 3 oetawa 4. Kaoentoengané VOC. ikoe djalaran saka pranatan monopolie. Marga saka monopolie maoe VOC. bisa koelak moerah lan yèn dodolan dilarang larangaké. OEpama boemboe crakèn: pangoelaké pala sa"poen" terkadhang moeng 7,5 sèn, pangedolé 3,5 roepiyah. Pangoelaké cengkèh sa "poen" 20 sèn, pangedolé sok 10 roepiyah.

Pangrehing VOC. (Bewindhebber) ing tanah Walanda kang diarah moeng ngencengaké pranatan monopolie, ora soesah ndjembaraké djadjahan. VOC. koedoe ngedegaké lodji lodji manèh, awit VOC. koedoe moeng saloegoe dedagangan. Balik pangrèhing VOC. ing Betawi karepe ngendhokaké monopolie. Wong boemi kerep disoewoenaké idin GG. Coen lan van Diemen prakara kamardikaning dedagangan, nanging para Bewindhebber ora mitoeroeti. Poenggawané VOC. akèh kang wong asor lan ala, woewoeh woewoeh blandjané ana ing tanah Indhiya moeng sathithik. Blandja kawitan (asistèn = carik) moeng 10 roepiyah, bandjoer moendhak 55 roepiyah (koopman) lan 75 roepiyah (opperkoopman) ing sasasiné. Blandja sathithik maoe tampané nganggo dicowok oempamané kanggo tetanggoengan. Kang mangkono ikoe ndjalari para penggawa padha dagang peteng oetawa dagang colongan. Ananging sarèhné dagangan VOC. nalika semana gedhé banget lan bathiné doedoe sebaéné dai prakara klèroené pranatan monopolie apa déné tindaké para poenggawa sing ora bener isih samoen doeroeng pati ketara. Ing kawitané abad kang ping 18 djadjahané VOC. akèh banget, apa manèh ana ing Tanah Jawa. Jadjahan lan pangoewasané karadjan Banten lan Mataram saya kalong kalong.

Betawi, Krawang tekan kali Indramayoe, Priyangan tekan segara kidoel; Semarang lan wewengkoné (tahoen 1677), Cirebon woes ngaoeb marang VOC. Tapel watesé djadjahan Banten sisih wétan Cisédané. Jadjahan VOC. mangétan tekan Cilosari lan Cidhonan (tahoen 1705). Ing tahoen 1659 VOC. pradjangdjian karo Soeltan ing Palembang, oleh idin ngedegaké bètèng ing bawahè. Ing tahoen 1667 VOC. ngedegaké lodji ana ing Padhang. Sawisé pradjoerit Walanda mitoeloengi marang para kawoelané ratoe Aceh, kang djadjahané dhèk maoené ketoeg ing Indrapoera (Soeltan Iskandar Moeda), VOC. ora moeng katon gedhé pangoewasané nanging iya katon soegih. Koetha Betawi saya soewé saya gedhé lan asri, nganti diarani "Ratoening koetha ing boemi sisih wétan". Dadi ing djaman ikoe VOC. kaya kaya lagi moemboel moemboele.

Moenggoeh ing satemené senadyan gelaré koewasa lan soegih banget, VOC. wis moendoer, ngalamat arep bobrok. Kasoegihané saya kalong, malah terkadhang terkadhang oega nganti toena, nanging kedjaba para Bewindhebber ora ana kang ngerti, awit digawé wadi banget. Para Bewindhebber enggoné awèh dividènd (anakaning andhil) marang para aandeelhooeder isih adjeg akèh. Dadi saya soewé bandhané VOC. saya soeda. Moenggoeh karepe para Bewindhebber enggoné ngrendhem wadi maoe, soepaya VOC. diaranana isih soegih lestaria diandel adja nganti kepatèn oebed. Wasana ing tengahing abad 18, VOC. wis katandhegan oetang 3 yoeta.

Kang dadi djalaran soedané kasoegihan VOC. warna warna, kayata: 1. Kèhing wragad VOC. kanggo peperangn, tansah kapeksa sediya

   pradjoerit lan praoe perang akèh.

2. Rèhné djadjahan saya djembar, poenggawa saya moendhak akèh,

   andjalari oendhaking wragad.

3. kaoentoengan lakoe dagang wis ora kaya wis ora kaya dhèk abad

   kang kepoengkoer, awit akèh poenggawa VOC. lan wong boemi 
   padha lakoe dagang peteng oetawa dagang colongan, VOC. 
   enggoné mblandjani poenggawané kesethithiken, dadi 
   poenggawané  maoe kepeksa golèk kaoentoengan liya sarana 
   dagang  peteng.
   Déné wong boemi enggoné dagang colongan lelawanan wong 
   Inggris oetawa bangsa manca liyané.
   Marga saka malaking VOC. enggoné nindakaké monopolie, 
   wong boemi padha gelem nerak pradjangdjiané monopolie.
   Rèhné wong boemi wis dadi mlarat marga saka pamèring VOC. 
   lan poenggawané karadjan Jawa, barang pedagangan saka 
   Eoeropa moeng sathirhik payoené.

4. VOC. enggoné dedagangan ana ing Eoeropa kerep toena banget,

   marga didjori ing bangsa Inggris lan Prasman.

Rékané para Bewindhebber enggoné arep noetoeti kapitoenané serana ngencengaké tindaking monopolie lan nglarangi dagang peteng. Ewa déné sanadyan dagang peteng ikoe dilarangi banget kanthi oekoeman abot, meksa saya ndadra, awit VOC. ora ngoendhaki blandjané poenggawané, lan pangoelaké barang dedagangan kemoerahen. Ana réka dayané VOC. kang sakawit ndadèkaké kaoentoenganing VOC, dhéwé lan bangsa boemi, yaikoe enggoné nganakaké woeloe wetoe liya, kayata: nila, lawé, secang (kanggo poelas). Kang akèh banget pametoené yaikoe kopi. GG. Zwaardekroon ngoedi banget marang adjoening tandoeran kopi maoe (tahoen 1718 - 1725).

Wiwit VOC. dagang kopi ikoe maoené saka remboegé P. van den Broecke, nalika isih ana ing Mokka (djadjahan Arab). Saya soewé kopi maoe ana ing Eoeropa saya payoe. VOC. enggoné kirim kopi weton Mokka menyang Amsterdam ing sataoen taoené nganti 300.000 poen. Bareng wong Toerki ngengèl engèl wetoening dagangan kopi, VOC. noeli nyoba nandoer dhéwé ana ing Tanah Jawa (tahoen 1706). GG. Zwaardekroon pradjangdjian lan wong boemi dikon nandoer kopi, pametoné saben sadhacin bakal ditoekoe 15 ringgit. Wong boemi seneng atiné déné pitoewasé mèmper, moelané iya saya madjoe panggarapé, Tanah Jawa saya akèh pametoené. Nanging soewéning soewé VOC. saya sawenang wenang, regané kopi didhoenaké nganti 1 dhacin moeng diadjèni 5 ringgit. Wong boemi bandjoer soeda kamadjoewané, wit kopi akèh kang ditegori.

Ing tahoen 1721 Paréntah ing Betawi mèh baé kabilaèn, marga saka panggawéné Pieter Elberfeld, iya ikoe sawidjining Walanda pranakan Jerman lan Jawa. Pieter Elberfeld maoe doewè sedya arep ngraman djalaran nalika patiné bapakné sapéranganing warisané dadi meliking Paréntah. Pieter Elberfeld bandjoer ngiroep bala dibantoe wong Jawa, aran Kartadriya andhel andhelé OEntoeng Soerapati. Ana bangsa moetihan kang ngodjok ngodjoki wong sarana andoem djimat. Karepe Pieter Elberfeld sakèhing Walanda bakal ditoempes, dinané ditemtokaké tanggal 1 Janoeari 1722. Bareng ndoengkap toemekaning wektoené, Paréntah Betawi lagi baé oleh warta. Pieter Elberfeld sakancané enggal ditoekoep; sawoesé ngakoe bandjoer dipatèni siya siya. Endhasé Pieter Elberfeld dikethok, ditandjir ana ing regolé pekarangané dhéwé, omahè dirombak, pomahané disangaraké ora kena dienggoni ing wong. Dhawoehé Paréntah katoelis ing watoe, toemekané saiki isih tetep mengkono.