Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 17

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 17

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


17 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 9 Mataram Nalika Perang Reboet Kaprabon Kang Sapisan (tahoen 1704 - 1708) lan Kapindho (tahoen 1719 - 1723)

1703 - 1704 (1708) Soenan Mas, Mangkoerat III

1691 - 1704 GG. van Ooethoorn

1704 1719 Pangéran Poeger, Pakoeboewana I

1705 - 1706 GG. van Horn

1719 -1727 Praboe Mangkoerat IV



Kang andjalari perang reboet kaprabon kang sapisan iya ikoe congkrahè Soenan Mas karo Pangéran Poeger, apa déné éra éroe marga saka panggawéné OEntoeng Soerapati.

OEntoeng Soerapai ikoe batoer toekon saka ing Bali, wis dadi pradjoerit ing Betawi, dioenggahakè dadi Litnan manggedhéni pradjoerit Bali sagolongan. Nalika perang Banten OEntoeng minggat ndhèrèk Soeltan Agoeng ing Banten, salebaring perang noeli nggawa kancané sawatara klambrangan ana ing bawah Priyangan, gawéné ndjarah rayah. Bareng dioyak ing pradjoerit VOC. OEntoeng Soerapati sakancané Bali mlayoe mangétan nyoewoen pangaoeban marang Soenan Mataram. Senadyan OEntoeng Soerapati moengsoehing VOC., ana ing Kartasoera ditampani becik malah dadi andhel andhel GG. Champhoeys noeli oetoesan Mayoor Taak menyang Kartasoera perloe nyekel OEntoeng Soerapati lan nagih oetangé Marang marang VOC. Nalika pradjoerit Walanda teka ing koetha, wong Jawa lan wong Bali wis perang dhéwékan. Sasoewéné ing paperangan gègèr gègèran, Mayoor Tak di kroyok ing gegaman, pradjoerit 70 kang mati. OEntoeng Soerapati sakancané bablas mlayoe mangétan.

Ana ing Pasoeroewan OEntoeng Soerapati ngedegaké karadjan. OEntoeng Soerapati djoemeneng adipati djedjoeloek Wiranagara djadjahané saya djembar, neneloekaké ing sakiwa tengené malah nganti tekan ing Kedhiri, Sarèhné OEntoeng Soerapati saya ndadra, Mangkoerat II minta sraya marang VOC. nanging GG. van Ooethoorn doeroeng mitoeroeti. Nalika semana ing saTanah Jawa akèh sekaitan nglawan wong Walanda. Sawènèhing panggonan disebari layang nyalawadi kang ngemoe rasa ngodjok odjoki noempes wong "kapir". Akèh priyagoeng Banten lan Mataram sing padha mbiyantoe sekaitan ikoe. Malah ana wong Melayoe saka Soematra aran Ibnoe Iskandar kang mèloe dadi penoentoené sekaitan maoe, ngloeroegi Betawi nggawa praoe akèh. Bareng konangan ing Walanda bandjoer ditempoeh roesak bebarisaning praoe. Prakara ikoe ndjalari enggoné VOC. ora gelem ngréwangi Mangkoerat II. Ing tahoen 1703 Mangkoerat II séda, kang goemanti djoemeneng, Soenan Mas oetawa Mangkoerat III; marga saka cacading sampéyan, oega katelah asma Soenan Kencèt. Soenan Mas congkrah lan pamané Pangéran Poeger, moenggoeh kang dadi djalarané iya saka siyané Kangdjeng Soenan. Soenan Mas ikoe pancèn misoewoer siya lan sawenang wenang tindaké. Pangéran Poeger lolos saka Kartasoera, tindak menyang Semarang moendhoet pitoeloengan Compagnie. Soenan Mas wis rambah rambah kirim layang menyang Betawi, moendhoet balining pamané, nanging ora dirèwès, awit paréntah ngerti yèn Soenan Mas sekoetoe lan OEntoeng Soerapati nedya nglawan Compagnie. Paréntah Betawi oega ora gelem nganggep Soenan marang Mangkoerat III; kang dianggep malah Pangéran Poeger, awit Sang Pangéran ana ing Semarang oega wis kaangkat Soenan déning para priyagoeng akèh, djedjoeloek Soenan Pakoe Boewana. Anané perang reboet kaprabon ikoe wiwit ing tahoen 1704, tekan tahoen 1708. Marga saka pitoeloengané VOC. Pakoe Boewana bisa lestari djoemeneng ratoe, nanging mitoeroet perdjandjian ing tahoen 1705 djadjahané VOC. dielar mangétan, watesé sisih lor Cilosari, ing sisih kidoel Cidhonan ing Cilacap. Soenan Mataram wis ora doewèni wewenang ing atasé tanah Soemenep lan Pamekasan. VOC. diwenangké kena sediya pradjoerit ing Kartasoera manèh. Nalika Kartasoera ditekani wadyabala Walanda, Soenan Mas lolos mangétan moendhoet pitoeloengan marang OEntoeng Soerapati. Ing tahoen 1706 pradjoerit VOC. kang disénapatèni Knol nempoeh ing Bangil, yaikoe bètèngé OEntoeng Soerapati kang santosa dhéwé. Ing Bangil bedhah, nanging OEntoeng Soerapati ora kecekel, moeng baé amarga ketaton ora antara lawas mati. Ing tahoen 1707 ana pradjoerit VOC. ngloeroeg mangétan manèh merangi para anaké OEntoeng Soerapai kang mbiyantoe Soenan Mas. Ing tahoen 1708 Soenan Mas asrah bongkokan marang Knol, noeli kakéndhang menyang Ceylon. Ing tahoen 1719 Pakoe Boewana I séda, ndjalari perang reboet kaprabon kang kapindho. Para sadhèrèke Soenan anyar Praboe Mangkoerat IV padha mèrèkaké nganti nganakaké perang. VOC. mitoeloengi marang Mangkoerat IV. Para pangandjoeré kraman padha diboewang menyang Ceylon oetawa menyang djadjahan Compagnie ing Afrika sisih kidoel (Kaapkolonie).