Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 16

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 16

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


16[edit]

16 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 8 Kraman ing Moloko (1650 - 1653) Mataram Jamané Amangkoerat I lan Amangkoerat II. Kraman Troenadjaya. Perang Banten.

1645 - 1677 Mangkoerat I

1650 - 1653 GG. Reiners

1677 - 1703 Mangkoerat II

1653 - 1678 GG. Maetsoeyker   


1678 - 1681 GG. Ridjklof van Goens


1681 - 1684 GG. Speelman

Dhèk djamané GG. van Diemens VOC. ana ing poelo poelo Moloko nemoe reribet, marga saka anané monopolie, tanah Moloko soeda banget karahardjané, wong boemi padha ngrekasa oeripé. Wong cilik ora gelem netepi pradjangdjiané monopolie, padha lakoe dagang colongan. Poenggawané VOC. nyirep kraman kanthi tindak keras. Noeli wong Moloko dibiyantoe ing Soeltan Ternate, moelané saya ndadra. Wasana GG. van Diemens toemindak dhéwé, tindaké keras nanging ndalan, temahan kraman bisa mendhak. Ing nalika djamané GG. Reiners (tahoen 1650 - 1653) ing Ternate lan Ambon ana kraman manèh kang marga saka pangodjok odjoké wong Makasar. Wong boemi padha nggroendel ora trima, awit A. de Vlaming, Gooeverneoer ing kapoelowan Moloko dhawoeh mbabadi tandoeran boemboe crakèn kang dianggep toerah, moerih ora ngedhoenaké regané dagangan. Yèn wong boemi ora noeroeti, pradjoerit VOC. lelayaran mrana ngrampoengi pasoelayan kanthi wasésa (hongi). Enggoné nyirep kraman A. de Vlaming kanthi kekerasan, akèh wong kang dipatèni oetawa diboewang . Wasana poelo poelo akèh kang soewoeng.

Wiwit ing wektoe ikoe dikenakaké nandoer cengkèh moeng wong ing Ambon lan poelo poelo cilik sisih wétan, kang kena nandoer pala moeng wong ing Bandha. Amarga saka anané planggeran maoe wong boemi akèh kang padha kemlaratan. Wasana ora ana sranané kanggo mbangkang manèh.

Bareng Moloko wis tentrem, nalika kang djoemeneng GG. Maetsoeycker VOC. merangi Makasar. Hasanoedin, ratoe ing Makasar tansah noeloengi wong boemi ing Moloko. Manèhé VOC. ora oleh idin ngadegaké lodji ana ing karadjan Makasar. Enggoné memoengsoehan VOC. lan Hasanoedin nganti ambal kaping teloe. Wekasané ing tahoen 1667 Cornelis Speelman didhawoehi nandangi Hasanoedin. Aroe Palaka ratoe ing palaka mbantoe Compagnie, djalaran karadjané direboet kagamblokaké marang Makasar, rama lan éyangé Aroe Palaka kapatènan ing Ratoe Makasar. Poetoesaning perang Hasanoedin kapeksa nganggep pradjangdjiané VOC. tahoen 1667. Mitoeroet djenengé papan pradjangdjian maoe diarani pradjangdjian ing Bonggaya.

Bedhahè Makasar ikoe ing atasé VOC. akèh banget pakolèhé, awit ikoe dadi dhedhasaring pangoewasa ana ing Celebes sarta pamengkoené marang sakabèhing poelo poelo ing Moloko. Minangka gandjaran Aroe Palaka didadèkaké ratoe ing Boné. Soerasané pradjangdjian ing Bonggaya prakara warna warna, kayata: Makasar lan Goa ngakoni pangayomané VOC. apa déné Florès lan Soembawa mari dadi djadjahané Makasar. Bangsa manca kang kena dedagangan ing Moloko moeng VOC. baé. Wong Makasar koedoe nglèrèni enggoné lelawanan dedagangan lan Moloko.

Sasédané Soeltan Agoeng ing Mataram tansah ana kraman oetawa perang, ndadèkaké gempaling karadjan. Kang misoewoer iya ikoe kramané Troenadjaya, sebabé mangkéné: 1. Pangéran Arya Praboe Adi Mataram kang nggentèni Soeltan Agoeng,

   djedjoeloek Soenan Mangkoerat I, kapinteran lan kekencenganing karsa 
   ora mantra mantra timbang lan kang rama.
   Sarèhné wegah memoengsoehan lan Compagnie, ing tahoen 1646 lan 
   1652 pradjangdjian pamitran lan VOC.
   Soerasané pradjangdjian 1652 ana kang nyeboetaké bab tapel watesé 
   djadjahaning Compagnie sisih wétan, iya ikoe kali Citaroem.
   Ing tanah Mataram akèh para gedhé kang nggroendel ora narima 
   marang tindaké Mangkoerat maoe.

2. Soenan Mangkoerat ala banget pangrèhé pradja, djalaran ketoengkoel

   mboedjeng marang kamoektèn nganti noekoelaké panggalih siya.
   Para kawoela gedhé cilik ora ana kang ndjendjem oeripé, djalaran 
   saka siyané Sang Praboe.
   Nalika djoemeneng anyar anyaran nenoempesi mitrané kang rama 
   akèh.
   Saking kaloeloete marang pakareman kang nistha nganti wentala 
   moetahaké getihe wong kang tanpa dosa.
   Kaya déné nalika garwané kekasih séda, noeli dhawoeh nyekel 
   wong wadon 100 dikoeroeng ing pasaréyan nganti mati kaliren.

3. Ing Madoera ana sawidjining Pangéran kang doewè tékad arep

   ngraman, manggedhéni para gedhé ing Mataram lan Madoera, 
   merangi Mangkoerat.

Pangéran maoe wayahè Cakraningrat I ing Sampang saking amoeyan, djenengé Troenadjaya. Senadyan Troenadjaya ora ndoewèni waris kadipatèn, éwa déné ngarah djoemeneng adipati ing Madoera. Nalika kang paman djoemeneng adipati, djedjoeloek Cakraningrat II gampang baé Troenadjaya enggoné ngeloen wong Madoera, awit sang adipati tansah ana ing Mataram baé. Ing tahoen 1674 kraman wis ngrebda banget. Troenadjaya dibantoe ing wong Makasar kang padha loenga saka tanahè dhéwé ngalambrang, gawéné mbebadjak. Tanah Jawa Wétan enggal diteloekaké. Bareng kraman saya mengoelon, Mangkoerat I saya koewatir, noeli moendhoet pitoeloengané Compagnie. Préntah ing Betawi kang sakawit mangoe mangoe, nanging bareng saya krasa kapitoenan enggoné dedagangan marga saka panggawéning kraman, ing wasanané gelem tetoeloeng. Ing kawitané pradjoerit Walanda kerep bisa mbalèkaké kraman saka sawènèhing panggonan, nanging saya soewé saya cabar, kraman saya madjoe, tanah pasisir lor lan Tanah Jawa Tengah pasisir wétan wis katekem ing kraman, Troenadjaya bandjoer akadhaton ing Kedhiri. Préntah ing Betawi wiwit anggraita yèn pananggoelanging kraman Troenadjaya koedoe ditoemeni. Ing tahoen 1677 ana wadyabala Compagnie menyang Jepara, disénapatèni Cornelis Speelman. Dhisike Troenadjaya arep diroekoen, nanging ora gelem. C Speelman noeli pradjangdjian: lan Soenan Mangkoerat I, soerasaning pradjangdjian: Compagnie bakal mitoeloengi Mangkoerat, nanging ndjaloek liroe ragading perang, oendhaking djadjahan, lan wewenang ing prakara dedagangan. C. Speelman bandjoer wiwit merangi kraman, nanging moeng bisa ngedjègi Soerabaya, déné djadjahané Troenadjaya saya moendhak, malah wis bisa nggepoek Karta, koetha karadjaning Mataram. OEpacaraning kraton diboyong menyang Kedhiri. Soenan Mangkoerat kèngser, tindak mangoelon didhèrèkaké ing Sang Pangéran Adipati Anom. Moenggoeh kramané Kangdjeng Soenan maoe nedya ketemoe panggedhéning Compagnie ing Jepara, nanging ana ing dalan séda (tahoen 1677) kasarèkaké ing Tegal Aroem. Nganti saprené Mangkoerat I isih katelah nama Soenan Mangkoerat Tegal Aroem. Sasédané Soenan Mangkoerat I Sang Pangéran Adipati Anom goemanti djoemeneng nata, djedjoeloek Soenan Mangkoerat II, nanging sasat ora djoemeneng ratoe, awit kang nganggep moeng para kawoela kang ndèrèkaké, malah kang rayi Sang Pangéran Poeger, kang ana Mataram iya ngakoe djoemeneng Soenan. Soenan Mangkoerat II bandjoer tindak menyang Jepara, moendhoet toeloeng marang Compagnie, ngèstokaké dhawoehé kang rama. C. Speelman sagoeh mitoeloengi, nanging nganggo pradjangdji.

Wosing pradjangdjian Jepara: VOC. nganggep ratoe marang Mangkoerat II VOC. kena dedagangan ing satanah Mataram, kena nglebokaké dedagangan ora wenang didjaloeki béya. Jadjahan VOC. mangidoel tekan segara, mangétan tekan Cimanoek, apadéné koetha Semarang sawewengkoné. GG. Maetsoeycker lan kèh kèhing para Liding Raad van Indie ora roedjoek karo kareping para Bewindhebber, pangrehing VOC. ana ing tanah Walanda; aliya saka ikoe Troenadjaya wis kegedhén pangoewasané, mangka Soenan Mangkoerat II woes prasasat tanpa daya, woewoeh woewoeh préntah ing Betawi lagi karépotan ora bisa oleh pitoeloengan saka nagara Walanda, toer nemoe pakéwoeh karo Banten.

Ing tahoen 1678 GG. Maetsoeycker séda digentèni Ridjkloff van Goens. Priyagoeng ikoe nemeni enggoné nandangi Banten. Ridjkloff lan Speelman padha sabiyantoe ngrampoengi kraman Troenadjaya, adja nganti kedhisikan ditempoeh wong Banten. Ridjkloff van Goens bandjoer ngoetoes wadyabala gedhé menyang Tanah Jawa Tengah ngloeroegi Troenadjaya. Troenadjaya iya metoekaké, nanging soewé soewé keplayoe marang Kedhiri. Kedhiri noeli dibedhah klawan rekasa, nanging Troenadjaya oncat ngoengsi marang pagoenoengan saloré goenoeng Keloet. Kapitan Ambon aran Jonker kaoetoes ing Kangdjeng Soesoehoenan ngeloet playoené Troenadjaya. Dalan dalan sakoebengé pandhelikané Troenadjaya didjaga pradjoerit, woesana Troenadjaya noengkoel. Kangdjeng Soesoehoenan arep priksa marang Troenadjaya nanging bareng disowanaké ing ngarsané, noeli diperdjaya ing Sang Praboe piyambak (tahoen 1680). Senadyan ing tahoen 1652 wis ditemtokaké yèn Cisédané kang dadi tapel watesé Banten lan djadjahan VOC., éwa déné wong Banten iya ora wedi ndjedjarah, mbégal ing sawétané Cisédané. Ing tahoen 1656 kelakon dadi perang nganti toemeka tahoen 1659. Ing salebaring perang maoe VOC. meksa doeroeng roekoen karo Banten. Ing wektoe samono kang djoemeneng ing Banten Soeltan Agoeng Aboel Fatah oetawa Tirtayasa. Sang Praboe pancèn ratoe peng pengan, kang dioedi moemboeling negara lan oendhaking djadjahan, moelané sengit banget marang Compagnie, awit digalih ngalang alangi pangelaring djadjahan. Saka pamboedidayané Soeltan Agoeng kelakon koetha Banten bisa redja lan ramé. Wong Inggris, Denmarken lan Prasman padha oleh idin dedagangan ana ing Banten. Nalika kraman Troenadjaya Soeltan Agoeng ora gelem nganggep ratoe marang Mangkoerat II lan mitoeloengi marang Makasar moengsoehé VOC. Pangarep arepé yèn pradjoerit VOC., soeda banget, wong Walanda bandjoer gampang kalahè karo Banten. Ing sesirepé kraman maoe rèhné GG. Spellman wis mangerti sedyané Soeltan Agoeng yaikoe arep enggal merangi Betawi, moelané bandjoer tata tata. Kabeneran banget ing atasé VOC. ing tahoen 1682 ing Banten ana gègèr, djalaran Sang Pangéran Adipati Anom Abdoel Kahar (bandjoer djedjoeloek Soeltan Hadji) lan rayiné Sang Pangéran Poerbaya reboet kalenggahan Pangéran pati, iya ikoe biyantoe kang rama ngasta papréntahaning negara. Soeltan Hadji rekasa banget, awit Soeltan Agoeng mbiyantoe Poerbaya, noeli Soeltan Hadji ndjaloek toeloeng marang VOC., kang sagoeh arep noeloengi, djangdji wong Walanda ing Banten oleh monopolie. Soeltan Agoeng bandjoer keplayoe dioyak ing pradjoerit Compagnie. Bareng kecekel dikoendjara ana ing Betawi nganti tekan ing sédané (tahoen 1692). Wosé pradjangdjian ing tahoen 1684 wong Inggris loenga saka Banten, noeli ngalih menyang Bengkoelen. Kedjaba ikoe VOC. wenang mèloe ngremboeg roewet rentenging nagara ing Banten. Wiwit ing djaman ikoe Cirebon oega mèloe ngaoeb marang VOC.