Page:Het boek Adji Såkå.pdf/12

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.


nelongsa sarta pamuwunipun atobat dhumateng ingkang rama.  Nanging sampun kasép, kados upaminipun balang : bilih sampun dhawuh : boten kenging dipun tututi supaos wau amesthi kalampahan, Déwatha Cengkar mupus kondhur dhateng ing Medhang Kamolan awit nagari ing Galuh sampun katingal wana.

Déwatha Cengkar dhaharanipun saben dinten tiyang satunggil, tanah pasisir akaliyan monca nagari, ingkang sami kaléréh ing Medhang Kamolan bulu bektinipun awarni tiyang, lami-lami nagarinipun risak.

Prabu Déwatha Cengkar sampun apuputra namung satunggil kakung abagus boten wonten ingkang ngungkuli, ajujuluk Raden Daniswara, ginandhang badhe angentosi kaprabon, nanging Sang  Raja Putra tansah sanget anggénipun angrudatos awit ingkang rama among satiyang.

Cariyos ing ngajeng punika kakéndela samanten, ing mangké ingkang kocap Ajisaka, anglangkungi saking sekti mondra guna, pinangkanipun saking Mekah anga-Jawi, amung dipun lampahi nem dinten, lampahipun kampir wonten ing nagari Shélan, titiyang ing ngriku dipun tata agaminipun sampun sami ngéstokaken sarta suyud sadaya. Anunten Ajisaka ngangit cariyos tembung Kawi, cariyosipun Harjuna Wijaya. Sareng sampun angsal sataun anggénipun wonten  ing nagari Shélan lajeng dhateng ing nagari Keling, titiyang