Page:Het boek Adji Såkå.pdf/11

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.


Sakathahing padhusunan ingkang kalangkungngan sami telas dipun arupi sadaya, nagari ing Galuh dipun kepang, kathah griya dipun besméni. Nanging tiyang Galuh boten angladosi ing prang. Sarêng Prabu Shindula midhanget yén ingkang putra adamel rêsah, sumedya anggepuk nagari ing Galuh, sanget dukanipun lajeng amiyosi anindhihi perang. Balanipun ingkang putra larud sadaya. Anunten Déwatha Cengkar tumandang angamuk, tiyang ing Galuh sami ajrih amathukaken piyambak angungsi barisana ing wingking. Déwatha Cengkar angesuk kapanggih ajeng-ngajengan kaliyan ingkang rama. Pangandikanipun Prabu Shindula, thole : élinga, sira uga cacawangan Rathu, nanging aja angéngé mongsa, Déwatha Cengkar amangsuli, apa abamu, aku kosiya-siya, ing mengko aku ora wedi, arêp males ing kowé, sasampun wicanten makaten, lajeng anyandhak bindi, narajang amupuh siyat-siyut, nanging boten amikantuki. Prabu Shindula sabalanipun ing sanalika boten katingal nagari ing Galuh katingal wana. Ingkang putra dipun supatosi. Eh Déwatha Cengkar, saréhné sira banget wani marang Ingsun sira kasiku ing Jawatha kang luwih, ora awet jumeneng Rathu, ing bésok ana kang malesaké Ingsun anyelani karatonira, sira bakal salah kadadéyan dadi buron isén-iséning banyu, lah : iku sira anti, Déwatha Cengkar sarêng pangandikanipun ingkang rama anyupatosi, sanget pa