Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 97

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 97

Alihaksara[edit]

/kaca 097/

ḍé seleh karaton ḍateng ingkang putra

dewi wayi ; kalampahan ; piselehipun sang prabu katampen ḍateng ingkang putra ; jemenengipun sang prabu putri ; mawi pasamuwan ageng sarta mawi kajenengan para ratu ing amanca praja ; pangastaning paprentahan sarta pangadilan ; parapaben ; panerak tuwin lampah kadurjanan sampun boten anguciwani ; kawasisanipun ; malah angungkuli kala taksih kaasta ingkang rama ; nagari banyubiru ; tambah tata raharja ; mirah sanḍangpangan ; tulus ingkang tinandur ; sang prabu putri ; aḍeḍawuh karsa tindak pepara ing talatahipun nagari banyubiru ; bok menawi taksih wontĕn papan ingkang maluwa ; dereng dipun griyani ing tiyang ; sarta pasiten ingkang bera ; jalaran kirang kacekapipun ingkang anggarap ; tindakipun sang putri ; sagelar sapapan sarta mawi anḍungan ḍahar kanggenipun ing dalem sawulan ; awit ; baḍé dangu ing konduripun ; kacariyos ; tindakipun sang prabu putri sampun pikantuk samadya candra ; lerebipun ing saenggen enggen ; lajĕng apasang moṭa pininḍa kaḍaton ; kinepang para wadyabala ; tarab sami amasang layar pamonḍokanipun piyambak piyambak ; sa