Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 96

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 96

Alihaksara[edit]

/kaca 096/

bu ; pados rerembesan toya unjuk ; manggih bilik alit wontĕn loroganing asrama wening ; toyanipun mili pating sreweh anut ing leleḍokan ; déning boten dipun kalempakaken ; anjog ingjejurang kumriwik ngoregaken paḍas rengka ; gumrenggeng tanpa kendel ; kamireng angereseresi manah ; kados pasambatipun sang prabu ; anggenipun nanḍang papa cintraka pisah ian garwa putra ; sang prabu ; padamelanipun amung anenanem palawija ; kenṭang ; jagung tuwin canṭel kanggé pagesangan salebetipun mati raga ; saben dalu boten towong ; wontĕn ing pahoman alleges karsaning dewa ingkang linuwih ; ing atasipun sariranipun ; punapa lulus boten saged angsal pangapunten ; ananging ; dereng angsal wewenganing sasmitanipun dewa ; mila ; sang prabu tansah nungku puja semadi ; gentos kacariyos ; prabu hertambang sampung yuswa sarta sampun rumaos tuna dungkapipun pangastaning pangadilan ; karsanipun ingkang winadi ; angentosi timbulipun ingkang putra mantu sang pangéran warihkusuma ; ananging tita ; boten pi kantuk wartos ; sarehning sampun boten kenging dipun entosi ; karsanipun lajĕng ba