Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 94

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 94

Alihaksara[edit]

/kaca 094/

baḍé lajĕng ngupadosi ; pangungsenipun kangjeng uwa ; amesṭi ḍateng banyubiru ; awit pamireng kula sang prabu putri ing banyubiru ingkang apeparab dewi wayi mentas sinerenan kaprabon saking ingkang rama prabu hertambang ; punika ; garwanipun kangjeng uwa ; pangangkah kula ; bilih kenging nagari banyubiru kareha nagari tuban ; ing mangke ; rama kula aturi wangsul ḍateng nagari saha wadyabala sadaya nindakaken prakawising praja kados saben saben ; sarta ; rumeksa kangjeng ibu ; ngantosa ḍateng kula ; abekta kondur kangjeng uwa ; namung putra sampeyan uwa ; raden lodaka kula teḍa ; kula jak anglurug ḍateng ing banyubiru ; sarta dadosa pepatih kula ; kula jak lara lapa ; anglampahi panas perih ; kyai ; ingkang rila'  ; "mas putu ; gusti kula ; kula sampung boten maoni ḍateng karsa sampeyan ; sampung leres sadaya ; sarta kula baḍé ngestokaken ing weling sampeyan ; rumeksa praja sadungkap kula ; tiyang sampun sepuh ; punapadené kula sampun lega lila pun lodaka sampeyan karsakaken ḍerek andon prang ; " telas rembagipun raden putra kaliyan kyai patih lajĕng sami biḍalan andum paran ; sarta a