Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 93

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 93

Alihaksara[edit]

/kaca 093/

sampun sepuh ; tansah ingampingan déning ingkang putra raden lodaka ; punika gampil katawanipun ; wusana kyai patih sumerep yen mengsahipun ingkang putra piyambak ; raden udakawimba ; kyai patih boten pandung ; awit raden udakawimba dipun punḍut putra wiwit timur mila ; lajĕng dipun rangkul sarta dipun

tangisi ; raden udakawimba ; inggih bela karuna ; dangu arerangkulan ; wusana kyai patih ngendika ; "ngger ; mas putu gusti kula ; ingkang dados karsa sampeyan teka baḍé ngrisak ḍateng karaton ; kagungan sampeyan piyambak" ; "rama ; kula boten baḍé damel risaking wadyalit ; agengipun adamel sedanipun kangjeng uwa ; sayektosipun ; amung baḍé nyerepaken ing awoning tindakipun uwa prabu ḍateng kula ; sarta supados mantuna panganggepipun ingkang nyimpang saking kautaman ; anganggep ; anak kuwalon utawi tunggakan kemaḍuh ; boten anganggep anak kapenakan ; wusana kangjeng uwa lajĕng oncad saking palagan ; iba ; kangjeng ibu dukanipun ḍateng kula ; saupami kula lajenga ngatingal ; awit saking punika rama ; kula boten lajĕng angebroki kaḍaton ;