Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 85

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 85

Alihaksara[edit]

/kaca 085/

t mantu ; awit ; rara senḍang sampun neḍeng birahi ; raden udakawimba kondur ḍateng paḍukuhan ; kangen baḍé kapanggih kaliyan kyai ageng wulusan ; wanci wimbaning sadyabakala ; ajujuging panepen ; kados adat sebenipun kapergok rara senḍang meiitas angladosaken wedang jahé ḍateng ingkang rama ; sang rara ; sampun neḍeng birahi sarta sampun wiwit jajaljajal ngagem kesemekan ; awit bilih dipun mekaki ; sampun abaludag ; anging ; taksih sabuk wala ; amargi ; taksih kiḍung pangageming kasemekan ; dados ; tansah marucut ; dilalah ; kapeṭuk raden bagus ; sang rara gugup abenakaken kasemekanipun ; nanging pucuking kasemekan ; kasupen taksih dipun cepengi ing asta kiwa kemawon ; pun jajal jajal ; adamel bilahi ; anjalari ; bludaging toya benawi boten kapambeng ing setubanda ; nampyuk galihipun ; sang pangéran kelem kabalabak ; déning karoban ing memanis sang juwita enggal encat malebet ing dalem ; sang pangéran kan tun anggana ; sumingep kados kasabeting poncot kasemekan,

ingkang mawa wisa mandi ; tujunipun ; saged kengehan saged ningali kicating pada ; jumangkah katingal gumebyar déning kwingkising sumilaki