Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 84

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 84

Alihaksara[edit]

/kaca 084/

t ing lengkonganing paningrat ; panepen ; tinatanan rerengganing pamujan asarwa kenaka ; bilih kabikak ; bolonganipun bunder pinḍa pipaning margi angin ; wonten timbanipun besatan ; tarikan ; sarta uluran kawat

beleḍeg ; sakeḍap ; saged dumugi ing ngaḍap ; sakeḍap ; sampun wangsul dumugi ing nginggil malih ; sanadyan tukangipun ingkang sami nandangi boten sumerep kajengipun ; sarta boten sumerep ḍasaring guwa ; wedaling prabeya sadinten dinten ; amber kados udaling urn bul ing mangsa renḍeng ; tetiyang alit ingkang sami nyambut damel sadinten dinten ; tanpa wicalan ; kaṭah ingkang lajĕng sami anjrak ; tumut gegriya ing peḍukuhan sumbereja ; ereng erenging redi ; sacelaking margi ageng kasipat kadamel pakampungan ; treping griya ; aṭarikṭarik tiningalan anglam lami ; kacariyos kyai ageng wulusan tansah angalembana ing kagunanipun raden udakawimba ; boten nyana bilih paḍukuhan o> sumbereja enggal dados nagari agemah harja mirah sanḍang pangan ; para juragan ; sampun kaṭah ingkang sami ḍateng sarta adamel pamonḍokan ageng ; citanipun kyai ageng ; raden udakwimba tumunten baḍé kapunḍu