Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 76

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 76

Alihaksara[edit]

/kaca 076/ ja, apadené pujining roh tuwuh sidḍi, kedut keteging tangan ; nur mukamad lir soroding rawi, iya iku wayanganira netra, lawan pinetel katone, praptaning mangsa layu, yen tan keguh kagoḍeng iblis, ing kono duningira, amanggih swarga gung ; mung rasa nikmat mupangat, limud marang kahanireng dumadi, tan jalu tan wanita ; dalil kur'an ana ingkang muni, betalmakmur enggon paraincyan yeku utek angembeng we, wor tirta kamanḍalu, angebesi otot kang manjing, ing netra lan ing karna, ing grana myang tutuk, yen asat kang tirta maya, anuwuhken rogeng raga angranuhi, luput aluput antaka ; " kyai ageng wulusan ; telas piwulangipun ḍateng ingkang putra raden udakawimba ; kasok sihipun ; malah salebeting galih raden udakawimba baḍé kapupu kapunḍut mantu piyambak ; nanging dereng kaweḍar ; awit rara senḍang dereng diwasa ; kacariyos ; raden udakawimba karemenipun anenepi ḍateng ing redi redi sarta ing jurang jurang ; lpinambeng ḍateng ingkang rama kyai ageng wulusan ; boten kenging ; galihi