Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 58

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 58

Alihaksara[edit]

/kaca 058/

pun nagari tuban ; pakurmatanipun ageng ; ajejuluk sang prabu warihkusuma ; kajen keringan ḍateng para ratu sanesipun ; awit saking misuwuring kawasesanipun kriḍaning perang ; jumenengipun sang prabu warihkusuma ; lulus boten wontĕn sangsayanipun ; nanging kaliyan ingkang rayi ; kelajeng boten saged apeputra ; kyai patih toyamarta ; sampun sangsaya sepuh sarta sampun boten kuwawi ngembat nagarf ; lajĕng nyuwun kendel ; saha narimah namung dados tuwanggana mawiku wontĕn ing wukir ; panuwunipun kapareng ; sarta kaparingan pepancen siti kaṭah minangka ḍaharipun ; ingkang kakarsakaken agentosi bupati tamping putranipun pambajeng kyai patih ; anama arya toyatuli ; wondené putranipun kyai patih tetiga ; ingkang anem kekalih sami dadoé nayakaning praja ; sami limpad ing budi ; nanging boten kapilih ; ingkang sepuh ; kirang mangertos inggih arya toyatuli wau ; mila ; karsanipun ingkang rama kyai patih arya toyatuli namung kapacak dados bupati tamping kemawon ; menggah karsanipun sang prabu ; anggenipun ngangkat arya toyatuli dados pepatih ; supados boten baḍé