Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 57

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 57

Alihaksara[edit]

/kaca 057/

masalahe ; besuk yen aku wis jumeneng ratu sarta patutan karo yayi dewi ; si udakawimba iku prakara apa" ; sang pangéran ; ngandika ; "uwa ; patih ; kula namung aḍerek punapa sapangrehing patih wisesa ; ingkang

sampun sabiyantu kaliyan para nayakaning praja ; kados ; sariranipun uwa ; pun udakawimba ; punapa ingkang wontĕn ngarsanipun uwa punika?" "inggih ; punika putra paduka ; raden udakawimba ; nanging ; wiwit miyos kula wimbasara wontĕn ing kapatihan ; bonten naté pepanggihan ; kaliyan ingkang ibu" ; "prayoginipun ; ing mangké kula punḍut ing kaḍaton" ; "kula ; nyumanggakaken sakarsa" ; sang pangéran lajĕng kondur angaḍaton ; kaliyan ingkang rayi dewi wresti saha ingkang putra raden udakawimba ; wiwit punfica ; kapanggihipun kaliyan ingkang ibu ; aḍerek wontĕn salebeting kaḍaton ; antawis wolung dinten ; sang pangéran lajĕng jumeneng nata saking pangangkatipun kyai patih sarta para nayakaning praja ; mawi sesuruhan para ratu ingkang tepang wates kaliyan jajahani