Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 35

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 35

Alihaksara[edit]

/kaca 035/

sampeyan ; punika bilih ḍangan ; kula namung titip ḍateng kangjeng rama ; sarta ibu sori lumeberipun ḍateng kula ; sampun ngantos adamel gerahipun panggalihipun rama ibu ; awit potangipun kangjeng rama sarta ibu sori ḍateng kula ; kula dereng saged nyaur ;

mangka ing mangke ; kula prasasat dados tiyang tumbasan ; sarta sampeyan ginaḍang baḍé jumeneng nata anggentosi karatonipun kangjeng rama ; sang pangéran kapranan ing galih miḍangetaken aturipun ingkang rayi ; abarebel medal luhipun sarwi angandika aprasetya yen baḍé boten adamel sak serik ; malah adamel suka pirenaning galih ing salami laminipun ; ingkang rayi lajĕng sinambut ; ing wanci enjing ; sang prabu sakaliyan ingkang garwa sang prameswari teḍak ing kamar panganten ; ingkang putra ; pinanggih suweng ; tindak ḍateng udyana ; lajeng kasusul ; pinanggih sang pangéran saweg ngranggehaken sekar gaḍung ingkang rumambat muled ing witing se kar pacar ; katut sagoḍongipun ; lajĕng dipun lungaken ḍateng ingkang rayi sarwi ngandika ; "yayi ; di alon ; iku ; ana riné yen nocok tangan lara" ; sekar gaḍung dipun tampeni ; ingkang rayi kinuswa lajĕng kacangking ing asta kiwa ; kapeṭuk ingkang rama sang prabu sekaliyan ing