Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 34

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 34

Alihaksara[edit]

/kaca 034/

kartika saking ing langit ingkang kados warna andika ; ing dinten punika ; kartika wau rentah wontĕn ing pangkon kula, punapa kula boten kalilan angela ela?" "pangéran ; sampeyan sampun sanget sanget anoraga ḍumateng kula ; kula dedé raré alit ; sarehning karsanipun kangjeng rama sarta ibu sori ; kula kapateḍakaken ḍateng ingkang sarira dados garwa ; dados ; kula kapeksa suwita ḍateng tiyang ingkang dereng naté kula wanuhi ; sarta limrahing laki pamisesanipun ḍateng ing rabi angungkuli pamisesaning bapa biyung ḍateng ing anak ; sapinten awratipun manah kula ; pancena amarentah dados kaparentah' ; ' "ḍuh ; gusti pepujan kula ; kula boten pisan pisan nganggep kados ingkang kapangandikakaken punika ; tebih pitung bedahap manawi kula agaḍahana cipta kumawa amisesa ḍateng rabi ; malah kula nyuwun titip jasad kula ḍateng sarira andika ; kula namung tetep dadosa pamongipun sang kadi ratih ; " "pangéran ; pangandika sampeyan punika ; sayektosipun namung lamis kemawon ; kajawi nyulayani pranataning agama ; boten wontĕn tiyang jaler kawisesa ing estri ; dené ingkang kedah sampeyan tampen ; panuwun kula sarta kalayan upata