Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 110

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 110

Alihaksara[edit]

/kaca 110/

den udakawimba ; sang prabu putri sumerep yen sesaning mengsahipun ingkang boten katawan ; leres lajĕng ingelud sapurugipun dumugi ing sumbereja ; melebet ing balowarti ingkang angeram eramaken santosanipun ; sang prabu ; kanḍeg ing jawi ; penggalihanipun sang prabu ; wadyabalanipun amesṭi baḍé nemahi risak bilih pangrebating balowarti namung kalayan wantah kemawon ; gainpil tinumpes ing gurnat ; gutuk api clerking kepapan won ten ing margi sungil ; sang prabu lajĕng arnbudi sarana ; ingkang kenging kadamel gelar garuḍa ngalayang ; lajĕng aḍeḍawuh ; yasa palwa hudara ; bakalipun moṭa ; kinelam ing wesi janur ; ingasepan saking latu baleḍeg ; saged mumbul ing gegana ; sarerig sampun samekta ; lajĕng katumpakan para prajurit pilihan ; sarni asficep dedamel ; sang prabu piyalnbak ; yasa sekoci boma ; katitihan kaliyan ingkang raka ; sarta para wirotama ; sarni adedel ; muluk mg

gegana angungkuli balowarti ; lajĕng cumlorot ; saengga ṭaṭit tumuju ing keḍaton sarta lajĕng dipun bregi ; para prajurit mangrempak saking wingking ; adamel karisakaning mengsah ; raden udakawimba gugup déning di