Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 6

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 6

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


06 Pérangan Kang Kapisan Bab 6 Karadjan Melajoe

Ing Bab 5 ana critané Praboe Kartanagara enggoné andjangka oenḍaking djadjahané. Ana ing tanah Soematra kelakon bisa oleh djadjahan. Ing ngisor iki tjrita sathithik toemraping karadjan karadjan ing tanah Melayoe. Katjarita ratoe ing Foenan, kira kira ing sadjroning abad 3 ngelar djadjahan, ngeloen tanah Soematra, Djawa lan lija-lijané, ajaké ratoe ikoe kang yasa reca reca ing tanah Pasémah. Ing abad kapitoe ana golonganing para pangéran saka ing Indhoe Boeri, padha manggon ing sakiwa tengening Palembang, bandjoer ngedegaké nagara gedhé, djenengé karadjan çrividjaya (= Syriwidjaya, sineboet ing bangsa Tjina nagara: Sambotsai). Ratoe ratoené padha darah Warman, isih doemoenoeng sanak karo darah Poernawarman ing Tanah Jawa dhèk abad 4 - 5, apadéné darah Moelawarman ing Koetai lan Bornéo dhèk watara tahoen 400. Nagara çrividjaya djadjahané kira kira Soematra sisih kidoel lan tengah, Malaka, Kambodja lan malah tekan Tanah Jawa. Ing tahoen 686 ratoe agoeng ing negara çrividjaya ngloeroegi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora toehoe pangèdhêpé marang çrividjaya. Sadjroning abad 10 pradjoerit Jawa genti ngloeroegi çrividjaya, menang, nanging ora soewé çrividjaya bisa komboel manèh. Pradja ikoe adjeg enggoné nglakokaké oetoesan marang Naréndra ing Tjina. Ing sadjroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrividjaya pecah dadi karadjan cilik cilik. Darah Warman djoemeneng ana ing tanah kang sineboet tanah: "Melayoe" yaikoe saikiné Jambi. Rèhning pasisiré tanah Melayoe kono akèh reroesoeh, wongé akèh kang padha ngoengsi marang tanah pagoenoengan kang loh, ana ing kono padha dedhoekoeh. Bareng Tanah Jawa gedhé pangoewasané, Praboe Kartanagara (1268 - 1292) kalakon bisa ngroesak koetha Paséi, lan ngedjegi Jambi, Palembang, Riooew sarta koetha koetha akèh ing Bornéo apadéné poelo poelo ing Moloko. Ing saantaraning tahoen 1275 lan 1293 wong Jawa ngloeroegi tanah pagoenoengan Jambi maoe yaikoe tanah kang besoeké aran Menangkabaoe. Loeroegan ikoe diarani: Pamalayoe. Ing tahoen 1268 Praboe Kartanagara anggandjar reca marang ratoe ing Dharmmaçraya (Darmasraya) oega doemoenoeng ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Soengai Lansat. Karadjan ikoe ing besoeké kaleboe djadjahan Madjapait, radjané darah Warman djedjoeloek Triboewana (Maoeliwarman) kagoengan garwa bangsa Melayoe, kang poetriné (poetrané poetri) ayaké dai garwané Radèn Widjaya biyèn. Sang Radja Tribhoewana mèloe karo bangsa Jawa ngloeroegi tanah Padhang Hoeloe. Mitoeroet tjarita Melayoe, loeroegan maoe ora oleh gawé, moeng marga saka kleboe ing gelar, kalah enggoné adoe kebo, moelané koethané bandjoer djeneng Menangkabaoe ikoe. Ana radja wewengkoné karadjan Dharmmaçraya djedjoeloek Adityawarman nagarané ing Malayoepoera, kang ing tahoen 1347 woes merdika, ambawa pribadhi, ikoe ngloeroegi Menangkabaoe, nanging ora nganti dadi perang, malah bandjoer diangkat dadi radja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayoe. Joemenengé ana ing Menangkabaoe wiwit tahoen 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pinteré nyekel pradja.

Toemeka sapréné Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai Katoemanggoengan isih dipoendhi poendhi marang bangsa Menangkabaoe. Sapoengkoeré Sang Aditya wis ora ana radja ing Menangkabaoe kang kecrita. Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titiké, moenggoeh ing kaloehoeraning para radja Jawa asal Indhoe, ana ing tanah Menangkabaoe kono, loewih loewih toemraping basa lan sastrané. Darah radja radja koena ing Menangkabaoe maoe enteke doeroeng lawas, kang poengkas poengkasan poetri, sédané lagi saiki baé.

Ing tahoen 1377 koetha Sanbotsai ing tanah Palembang rinoesak ing balané Praboe Ayamwoeroek. Kang koewasa ing tanah Palembang kaseboet djeneng Arya Damar noeroenaké Radèn Patah (+/- tahoen 1500). Awit saka ambroeking karaton Madjapait, Palembang iya katoet apes, besoeké kalah karo Banten. Kaloehoeraning Tanah Jawa ana ing Soematra sisih kidoel kono toemekané dina iki oega iya isih akèh tilas tilasé.