Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 5

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 5

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


05 Pérangan Kang Kapisan Bab 5 Joemenengé Kartanagara ing Toemapel (1268 - 1292)

Ratoe Singasari kang Kaping V, djoemeneng mekasi. Sasédané Sjri Wisynoewardhana pangéran pati djoemeneng Nata, adjedjoeloek Praboe Kartanagara. Sang Praboe manggalih marang kawroeh kagoenan, lan kasoesastran, lan iya manggalih marang oendhaking djadjahan, nanging koerang ngatos atos, lan kersa ngoendjoek nganti dadi woeroe. Ana nayakaning pradja aran Banyak Widhe oetama Arya Wiraradja, tepoeng becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya ikoe ora soengkem marang ratoené, malah wis sekoethon karo Jayakatwang, arep mbaléla. Doemadakan ana poenggawa kang matoer prakara ikoe, nanging Sang Praboe ora menggalih, Wiraradja malah diangkat dadi adipati ana ing Madoera.

Pepatihe Sang Nata aran Raganatha roemeksa banget marang ratoené, nganti sok wani ngatoeri pènget marang Sang Praboe ing bab kang ora bener, nanging Sang Praboe ora rena ing galih, ora nimbangi roemeksaning patih setya ikoe, malah bandjoer milih patih liya kang bisa ngladèni karsané. Patih wredha dioendoer, winisoeda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campoer karo prakara pangrèh pradja. Patih anyar senengé moeng ngalem marang ratoené lan ngladosi oendjoek oendjoekan.

Ana oetoesan saka ratoe agoeng ing nagara Tjina (Choebilai) dhawoeh soepaya Praboe Kartanagara nyalirani dhéwé oetawa wakilsoewana marang nagara Tjina perloe caos bekti (tahoen 1289). Sang Praboe doeka banget. Bathoeking Tjina oetoesan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké doekané Sang Praboe. Bareng tekan ing nagara Tjina patrape ratoe Jawa kang mangkono ikoe maoe ndjalari doekané ratoe binathara ing Tjina, Ing tahoen1292 ana pradjoerit gedhé saka ing Tjina arep ngoekoem ing koewanéné wong Jawa. Wiraradja sasoewéné ana ing Madoera isih ngroengok ngroengokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weroeh oega yèn ing wektoe ikoe pradjoerit Singasari diloeroegaké menyang Soematra. Wiraradja ngadjani Jayakatwang akon nanggoeh mbedhah Singasari, moempoeng nagara lagi kesisan bala. Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratoe lan patihé katoengkep ing moengsoeh isih teroes oendjoek oendjoekan baé (woeroe), moelané ora rekasa pinoerih sédané.

Radèn Widjaya, wayahè Narasinga, noeli oemangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratoené, nanging wis kaslepek karoban wong Daha, moelané bandjoer kepeksa ngoncati, moeng kari nggawa bala 12, genti genti nggéndhong Sang Poetri garwané Radèn Widjaya, poetrané Praboe Kartanagara. Lampahè Radèn Widjaya sasentanané noesoep angayam alas. Kaleboe wilangan 12 ikoe ana satriyané loro, poetrané Wiraradja, doewè atoer marang Goestiné soepaya ngoengsi menyang Madoera. Sang Pangéran maoené ora karsa, nanging soewé soewé noeroeti. Ana ing Madoera ditampani kalawan becik. Remboegé Wiraradja, Radèn Widjaya diatoeri soewita menyang Daha. Wiraradja sing arep nglantaraké. Yèn wis kelakon soewita Radèn Widjaya diatoeri nyetitèkaké para poenggawa ing Daha, sapa sing kendel oetawa djirih, toehoe oetawa lamis. Yèn wis antara soewé diatoeri nyoewoen tanah tanah Trik, dibabada bandjoer dienggonana. Radèn Widjaya noeroet ing pitoedhoeh, lan iya kelakon soewita ing Daha. Katjarita pasoewitané kanggep banget, amarga saka pinteré noedjoe karsa, lan saka pinteré olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké. Kabèh piwoelangé Wiraradja ditindakaké, dilalah Sang Praboe teka dhangan baé, malah bareng tanah Trik wis dibabad, Radèn Widjaya nyoewoen manggon ing kono iya dililani. Katjarita nalika babade tanah Trik maoe, ana wong kang methik woh madja dipangan, nanging rasané pait. Awit saka ikoe désa ingkono maoe bandjoer didjenengaké Madjapait. Bareng Radèn Widjaya wis manggon ing Madjapait, roemangsa wis wayahè tata tata males oekoem, ngroesak kraton Daha, ananging Wiraradja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni pradjoerit saka nagara Tjina kang arep ngoekoem wong Singasari. Karepe Wiraradja arep ngréwangi Tjina baé dhisik, besoeké arep mbalik moengsoeh Tjina. Wiraradja bandjoer boyong sakoelawargané lan sapradjoerite menyang Madjapait ngoempoel dadi sidji karo Radèn Widjaja.