Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 3

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 3

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


03 Pérangan Kang Kapisan Bab 3 Karadjan Ing tanah Djawa-wétan (wiwitané abad 10 - taoen 1220)

Ing ḍoewoer woes kaseboetaké jèn tanah Djawa-wétan, kabawah karadjan Inḍoe ing Mataram; nanging wong Inḍoe kang manggon ana ing tanah Djawa-wétan ora pati akèh, jèn katimbang karo kang manggon ing tanah Djawa-tengah (Keḍoe). Marga saka ikoe wong Inḍoe koedoe koempoel karo wong boemi, prasasat toenggal dadi sabangsa.

Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karadjan Tanah Jawa Tengah aran Empoe Sinḍok lolos mangétan. Let sawatara taoen empoe Sinḍok maoe djoemeneng ratoe ing Tanah Jawa Wétan, karadjané ing Kaoeripan (Paresiḍènan Soerabaja sisih kidoel).

Ambawahaké: Soerabaja, Pasoeroewan, Keḍiri, Bali bok manawa ija kabawah. Enggoné djoemeneng ratoe tekan taoen 944 lan ija djedjoeloek Nata ing Mataram. Nata ing Mataram maoe banget pangèdepé marang agama Boeḍa. Empoe Sinḍok misoewoer wasis enggoné ngerèh pradja. Ana tjathetan kang moeni mangkéné: "Awit saka soewéning enggoné djoemeneng ratoe, martjapada katon tentrem; woeloe wetoening boemi nganti toerah-toerah ora karoehan kèhé."

Ing tahoen 1010 Erlangga tetep djoemeneng ratoe, bandjoer neroesaké enggoné mangoen paprangan lan ngelar djadjahan. Ing taoen 1037 enggoné paprangan wis rampoeng, negara redja, para kawoela paḍa tentrem. Déné karatoné ija ana ing Kaoeripan. Sang Praboe Erlangga ora kesoepèn marang kabetjikaning para panḍita lan para tapa, kang geḍé pitoeloengané nalika pandjenengané lagi kasrakat.

Minangka pamalesing kabetjikané para panḍita, Sang Nata yasa pasraman apik banget, doemoenoeng ing sikilé goenoeng Penanggoengan. Pasraman maoe kinoebeng ing patamanan kang loewih déning asri, lan rerenggané sarwa peni sarta endah. Saka ediné, nganti misoewoer ing mantja pradja, saben dina aseloer wong kang paḍa soedjarah mrono.

Pangadilané Sang Nata djedjeg. Wong désa kang nradjang angger-angger nagara paḍa kapatrapan paoekoeman oetawa diḍenḍa.

Kètjoe, maling, sapanoenggalané kapatrapan oekoem pati.

Sang Praboe enggoné nindakaké paprentahan dibantoe ing prijagoeng 4, paḍa oleh asil saka pametoening lemah lenggahè.

Saka enggoné manggalih marang tetanèn jaikoe pagawéjaning kawoela kang akèh, Sang Nata jasa bendoengan geḍé ana ing kali Brantas. Sang Nata oega menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan. Koetha Toeban nalika samono panggonan soedagar, oleh bijantoe akèh banget saka Sang Praboe moerih madjoening dedagangan lan lelajaran.

Sang Nata yèn sinéwaka lenggah ḍampar (palenggahan tjenḍèk pesagi), ngagem agem ageman sarwa soetra, remané dioekel lan ngagem tjênéla. Yèn miyos nitih dwipangga oetawa rata, diarak pradjoerit 700. Poenggawa lan kawoela kang kapethoek tindaké Sang Nata bandjoer paḍa soemoengkem ing lemah (nḍoḍok ngapoerantjang?). Para kawoela paḍa ngoré ramboet, enggoné bebedan tekan ing wates ḍaḍa. Omahè kaleboe asri, nganggo pajon genḍèng koening oetawa abang. Wong lara paḍa ora tetamba moeng njoewoen pitoeloenganing para dewa baé, oetawa marang Boedha. Wong wong paḍa seneng praon lan leloengan toeroet goenoeng, akèh kang noenggang tanḍoe oetawa djoli. ḍèk samono wong wong iya wis paḍa bisa ndjogèt, gamelané soeling, kenḍang lan gambang.

Karsané Sang Praboe besoek ing sapengkeré kang goemanti djoemeneng Nata poetrané loro pisan, moelané kratoné bandjoer diparo: Jenggala (sabagéjaning: Soerabaja sarta Pasoeroewan) lan Keḍiri. Déné kang minangka watesé: pager témbok kang sineboet "Pinggir Raksa", wiwit saka poentjaking Goenoeng Kawi, mangisor, noeroet kali Leksa bandjoer oeroet ing brangloré kali Brantas saka wétan mangoelon tekan ing désa kang saiki aran "Joega", noeli moenggah mangidoel, teroesé kira-kira nganti toemeka ing pasisir. Goegoer goegoerané tembok ikoe saiki isih ana tilasé, kajata ing satjeḍaking kali Leksa, sakoelon lan sakidoeling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar.

Moenggoehing babad Djawa djoemenengé Praboe Erlangga kaanggep minangka pepaḍang sadjroning pepeteng, awit rada akèh tjaritané kang kasoemoeroepan. Kawroeh kasoesastran wis ḍoewoer. Lajang lajangé ing djaman ikoe tekané ing djaman saiki isih misoewoer betjik lan dadi tetoeroetaning tjrita-tjrita wajang. Lajang lajang maoe basané diarani: Djawa Koena, kajata:

  1. Lajang Mahabarata
  2. Lajang Ramajana lan Ardjoena Wiwaha.

Karadjan Djenggala ora lestari geḍé, awit petjah petjah dadi karadjan tjilik tjilik, marga saka diwaris marang poetraning Nata; yaikoe pradja Djenggala (Djenggala anjar); Toemapel oetawa Singasari lan Oerawan.

Karadjan tjilik-tjilik kang tjeḍak wates Keḍiri or soewé bandjoer ngoempoel mèloe Keḍiri, liyané isih teroes madeg ḍéwé nganti tekan abad 13.

Keradjan Keḍiri (Daha, Pandjaloe) moenggoeha saiki mbawahaké paresiḍènan Keḍiri, sapérangané Pasoeroewan lan Madijoen.

Koethané ana ing koetha Keḍiri saiki. Karadjan maoe bisa dadi koentjara. Ing wektoe ikoe kasoesastran Jawa ḍoewoer banget, nalika djamané Djajabaja (abad 12) ngloewihi kang oewis-oewis lan toemekané djaman saiki isih sineboet loehoer, doeroeng ana kang maḍani.

Ing tahoen 1104 ing keḍaton ana poedjangga djenengé: Trigoena oetawa Managoena. Poedjangga ikoe sing nganggit lajang Soemanasantaka lan Kresnajana. Radèn poetra oetawa Pandji kang katjarita ing dongèng kae, bokmenawa ija ratoe ing Daha, kang djedjoeloek Praboe Kamesywara I. Djoemeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih ratoe Kirana (Tjandra Kirana) poetrané ratoe Jenggala. Ing mangsa iki ana poedjangga djenengé Empoe ḍarmadja nganggit lajang Smaradhana. Radèn Pandji nganti saiki tansah katjarita ana lakoné wajang geḍog lan wajang topeng.

Poedjanggané Jayabaya aran Empoe Sedah lan Empoe Panoeloeh. Empoe Sedah ing tahoen Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing lajang Mahabarata, dianggit lan diḍapoer tjara Jawa, didjenengaké lajang Bharata Joedha. Wong Djawa ing wektoe ikoe wis pinter, wong Inḍoe kesilep, karadjan Inḍoe wis dadi karadjan Jawa.