Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 2

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 2

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


Bab 2
Karadjan Inḍoe ing tanah Djawa-tengah (abad kaping 6)


Mirit saka:

  1. tjaṭetané bangsa Tjina
  2. oenining toelisan-toelisan kang ana ing watoe-watoe lan tjanḍi
  3. tjaṭetané sawidjining wong Arab, wis bisa kasoemoeroepan saṭiṭik-saṭiṭik moenggoeh kaananing wong Inḍoe ana ing tanah Djawa-tengah ḍèk djaman samono.

Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Inḍoe anjar teka ing tanah Djawa-koelon. Ana ing kono paḍa kena ing lelara, moelané bandjoer paḍa nglèrèg mangétan, menjang Tanah Djawa-tengah.

Wong Djawa wektoe samono, isih kari banget kapinterané, jèn ditanḍing karo wong Inḍoe kang lagi neneka maoe; moelané bandjoer dadi sor-sorané.

Wong Inḍoe bandjoer ngadegaké karadjan ing Djepara. Omah-omah padoenoengané wong Jawa, ja wis mèmper karo omah-omahé wong djaman saiki, apajon atep oetawa edoek lan wis nganggo képang.

Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Tjina; barang dedagangané kajata: emas, salaka, gaḍing lan lija-lijané.

Tjina-Tjina ngarani nagara ikoe Kalinga, besoeké, ja diarani: Djawa. Karadjan maoe saja soewé saja geḍé, malah nganti mbawahaké karadjan tjilik-tjilik 28 (woloe likoer).

Wong Tjina oega njeboetaké asmané sawidjining ratoe poetri: Sima; dikandakaké betjik banget enggoné nyekel pangrèhing pradja (taoen 674).

Toelisaning watoe kang ana tjiriné taoen 732, dadi kang toewa ḍéwé, katemoe ana satjeḍaké Magelang, njeboetaké, manawa ana ratoe kang djoemeneng, djedjoeloek Praboe Sannaha, karadjané geḍé, kang kleboe djadjahané jaikoe tanah-tanah Keḍoe, Ngajogjakarta, Soerakarta lan bokmenawa tanah Djawa-wétan oega kleboe dadi wewengkoné karadjan ikoe.

Mirit tjaritané, karadjan kang kaseboet ikoe tata tentrem banget kaja kang kaseboet ing toelisan kang katemoe ana ing patilasan: Nadyan wong wong paḍa toeroe ana ing dalan dalan, ora soemelang, yèn ana bégal oetawa bebaja lijané.

Mirit kanḍané sawidjining wong Arab, ḍèk tengah-tengahané abad kang kaping sanga, ratoe ing tanah Djawa wis mbawahaké tanah Kedah ing Malaka (pamelikan timah).

Karadjan ing ḍoewoer iki sakawit ora kawroehan djenengé, nanging bandjoer ana karangan kang katoelis ing watoe kang titi mangsané taoen 919, njeboetaké karadjan Jawa ing Mataram. Jembar djadjahané, moenggoeha saiki tekan Keḍoe, Ngajogjakarta, Soerakarta; mangloré tekan sagara; mangétané tekan tanah-tanah ing tanah Djawa-wétan sawatara. Koet.ané karan : Meḍangkamoelan.

Wong Arab nganḍakaké, ana ratoe Jawa mbeḍah karadjan Khamer (Inḍoe Boeri). Sing kaseboet iki ajaké ija karadjan Mataram maoe. Kadjaba Khamer, karadjan Jawa ija wis mbawahaké poelo-poelo akèh. Poelo-poelo ikoe mawa goenoeng geni.

Karadjan Jawa maoe soegih emas lan boemboe tjrakèn. Wong Arab ija akèh kang lelawanan dedagangan.

Sabakdané tahoen 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karadjan Mataram. Kang katjarita bandjoer ing tanah Djawa-wétan. Ajaké baé karadjan Mataram maoe roesak déning pandjebloege goenoeng Merapi (Merbaboe), déné wongé kang akèh paḍa ngoengsi mangétan. Ing abad 17 karadjan Mataram bandjoer madeg manèh, geḍé lan pangoewasané irib-iriban karo karadjan Mataram koena.

Agamané wong Inḍoe sing paḍa ngedjawa roepa-roepa. Ana ing tanah woetah getihe ḍéwé ing koenané wong Inḍoe ngèḍep marang Brahma, Wisnoe lan Sjiwah, ija ikoe kang kaaranan Trimoerti. Kedjaba saka ikoe oega nembah marang déwa akèh lija-lijané, kajata: Ganésya, poetrané Bet.ari Doerga. Manoet piwoelangé agama Inḍoe pamérangé manoengsa dadi patang golongan, jaikoe:

  • para Brahmana (bangsa panḍita)
  • para Satrija (bangsa loehoer)
  • para Wesja (bangsa krija)
  • para Sjoedra (bangsa wong tjilik)

Piwoelangé agama lan padatané wong Inḍoe kaemot ing layang kang misoewoer, djenengé Wedha. Kira kira 500 tahoen sadoeroengé wiwitané taoen Kristen, ing tanah Inḍoe ana sawidjining darah loehoer peparab Syakya Moeni, Gaoetama oetawa Boedha.

Moenggoeh piwoelangé gèsèh banget karo agamané wong Inḍoe maoe. Resi Boedha ninggal marang kadonjan, asesirik lan moelang moeroek marang wong. Kadjaba ora nembah dewa dewa, piwoelangé: sarèhné wong ikoe moenggoehing kamanoengsané paḍa baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan.

Para Brahmana Inḍoe mesthi baé ora seneng pikiré, moelané kerep ana pasoelajan geḍé. Ana ing tanah Inḍoe wong Boedha maoe bandjoer peperangan karo wong agama Inḍoe. Woesana bangsa Boedha kalah lan bandjoer ngili menyang Ceylon sisih kidoel, Inḍoe Boeri, Tibet, Tjina, Jepang.

Moenggoeh wong agama Inḍoe ikoe pangèdêpé ora paḍa. Ana sing banget olèhe memoenḍi marang Sjiwah yaikoe para Syiwaiet (ing tanah Djawa-tengah); ana sing banget pangèdêpé marang Wisjnoe, jaikoe para Wisjnoeiet (ing tanah Djawa-koelon). Kadjaba saka ikoe oega akèh wong agama Boedha, nanging ana ing tanah Djawa agama-agama ikoe bisa roekoen, malah sok ditjampoer baé. Petilasané agama Inḍoe maoe saikiné akèh banget, kajata:

  • Tjanḍi-tjanḍi ing plato Dieng (Syiwah), ikoe bokmenawa jasané ratoe darah Sandjaja.
  • Tjanḍi ing Kalasan ana titi mangsané taoen 778, ajaké iki tjanḍi toewa ḍéwé (Boedha), jasané ratoe darah Sjailendra.
  • Tjanḍi Boedha kang misoewoer ḍéwé, jaikoe Baraboeḍoer lan Mendoet.
  • Tjanḍi Prambanan (Sjiwah). Ing satjeḍaké Prambanan ana tjanḍi tjampoeran Boedha lan Sjiwah.