Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 14

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 14

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


14[edit]

14 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 6 Adegé Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.) ( tahoen 1602)

Praoené wong Walanda kang padha layar menyang tanah Indhiya ikoe doewèké maskapé maskapé cilik. Sanadyan kang ndoewèni toenggal bangsa lan kabèh padha toeloeng toeloengan yèn ana bebayaning dalan, èwa déné moenggoeh enggoné dedagangan ora pisan bisa roekoen, malah padha djor djoran moerih bisa oleh dagangan akèh. Bareng paprentahan loehoer ing negara Walanda ngoeningani prakara ikoe bandjoer kagoengan soemelang. Saka karsané paprentahan loehoer maskapé Walanda maoe didadèkaké sidji aran Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.), yaikoe: Pakoempoelan dedagangan ing tanah Indhiya Wétan, adegé nalika tanggal 20 Maret 1602. VOC. maoe diparingi wewenang dedagangan ing sawétané Kaap de Goede Hoop tekan ing soepitan Magelhaens, déné maskapé oetawa soedagar liya ora kena mèloe mèloe dedagangan ing kono (monopolie). Wewenang panoenggalané ing dhoewoer ikoe: VOC. kena nganakaké pradjangdjian atas asmaning Staten Generaal karo sakèhing nagara kleboe djadjahané. Kadjaba ikoe Compagnie kena nganakaké pradjoerit, gawé bètèng, gawé dhoewit lan netepaké Gooeverneoer lan poenggawa liyané. Sakèhing poenggawa koedoe soempah kasoesetyané marang Straten Generaal lan pangrehing Compagnie. Ing sabisa bisa VOC, koedoe mèloe nglawan moengsoehé nagara Walanda. Pawitané Compagnie ikoe olèhé adol layang andhil, sidji sidjiné andhil ora mesthi padha regané, ana kang f10.000 ana kang f50. Déné kang kena toekoe andhil maoe iya sadhengah wong, ora lawas VOC woes oleh pawitan f6.500.00. Ing sakawit warga pangrèh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging ora lawas moeng ditetepaké 60.

Para Bewindhebber maoe akèh kaoentoengané, kayata: saben ana praoe teka saka tanah Indhiya mesthi oleh bagéyan 1% né adjining momotané praoe, moelané pangkat Bewindhebber maoe dadi pepénginan. Bewindhebber ikoe ana 17 kang pinilih koewadjiban nyekel paprentahan Compagnie ing saben dinané. Pangrèhé Compagnie ikoe aran "Heren XVII, Directeoeren oetawa Mayores". Saben 10 tahoen para Bewindhebber koedoe awèh katrangan pelapoeran (verslag) bab panyekeling paprentahan marang Straten Generaal lan para aandeelhooeder.

Praoe praoené Compagnie kang dhisik dhéwé mangkat menyang tanah Indhiya dipanggedhéni Van Waerwidjck, angkaté ing tahoen 1602 oega. Sakèhing lodjiné maskapé maskapé lawas bandjoer didadèkaké lodjiné VOC.

Lodji oetawa factoridj ikoe woedjoed kantor dioebengi ing goedhang goedhang lan omahè para poenggawa. Moenggoeh perloené lodji maoe kanggo tandhon dagangan. Dagangan maoe dikloempoekaké ngentèni tekané praoe praoe. Factoridj ikoe terkadhang kinoebeng ing bètèng tembok oetawa tanggoel, nanging kang mangkono ikoe ora mesthi, awit para ratoe bangsa boemi kerep ora marengaké. Kèhing factoridj saya woewoeh, nanging terkadhang yèn arep ngadegaké factoridj anyar ikoe nganggo ngesoer ngalahaké wong Portegis dhisik, kayata: nalika tahoen 1603 ana ing Banten, ora lawas ing Gresik, Johor, Patani, Makasar lan Jepara iya dianani factoridj. Factoridj ing Patani perloené kanggo lelawanan karo negara Tjina, Jepang lan Indhiya Boeri, awit dikira ngolèhaké kaoentoengan akèh, nanging djeboel ora. Karo Ceylon lan Aceh Compagnie iya lelawanan dedagangan, nanging sakawit moeng sathithik pakolèhé.

Dagangan tanah Indhiya kang ngolèhaké kaoentoengan akèh iya ikoe boemboe crakèn, moelané VOC. kepéngin banget mengkoe kapoelowan Moloko, kang ikoe para nakoda padha diwangsit, soepaya merlokaké ngoedi bisané nekem kepoelowan boembon crakèn maoe, yèn ora kena diloesi sarana pradjangdjian iya kanthi wasésa. Ing saenggon enggon angger Compagnie bisa becik karo ratoe bangsa boemi mesthi bandjoer nganakaké pradjangdjian bisané lengganan adjeg (monopolie). Poelo Ambon (cengkèh) ikoe poelo kang dhisik dhéwé dadi doewèking Compagnie. Ora soewé saka kecekelé poelo Ambon ing koewasané VOC. poelo Bandha Néra (pala) lan Bacan iya bandjoer kena diregem.

Marga enggoné menang perang ikoe, lakoe dagang boemboe crakèn katekem ing koewasané Compagnie, sabab ana ing endi endi, angger tanah woes kaayoman mesthi dilarangi lelawanan dedagangan karo bangsa liya kadjaba moeng karo VOC. dhéwé sarta regané dagangan dipasthi (monopolie). Para aandeelhooederé VOC. ing tahoen 1610 didoemi bathi 75%, woedjoed dhoewit oetawa pala, kena milih ing sakarepé, noeli diedoemi manèh 50%, dadi sataoen baé tampané para aandeelhooeder goenggoeng koempoel 132,5% Nanging kaoentoengan samono ikoe moenggoehing satemené kaoentoengan ing dalem 8 tahoen, awit adegé VOC. woes ana 8 tahoen, mangka lagi mbayar anakan sapisan ikoe. Ing tahoen 1611 para aandeelhooeder tampa manèh 30%, nanging toemekané tahoen 1619 wis ora oleh manèh. Wong wong padha ora roedjoek, yèn pambayaring anakan djag djog ora adjeg kaya mangkono ikoe, terkadhang akèh banget, terkadhang pirang pirang tahoen nyet adhem baé. Moelané sabakdané tahoen 1625 pambayare dipranata, ing sabisa bisa diadjegaké. Racaké pambayaring anakan marang aandeelhooeder maoe ing saben tahoen 18%. Kadjaba panyekeling dhoewit, cacading papréntahané Compagnie, isih ana manèh, yaikoe enggoné koekoeh ngencengi tindaking monopolie, nganti akèh warga VOC. kang metoe saka pakempalan.

Ana sadjabaning nagara Walanda, Compagnie oega doewè moengsoeh kang nyoemelangi: 1. Bangsa Inggris, ikoe ing tahoen 1600 wis nganakaké Oost Indische

   Compagnie, sarta ana ing Banten lan Moloko wis doewè kantor akèh.
   Ing saenggon enggon bangsa Inggris tansah mboedi daya bisané 
   ngesoer wong Walanda, moeng baé enggoné moengsoeh ora wani 
   ngedhèng, awit moendhak ngadekaké gèsrèking 
   préntah Walanda lan Inggris.

2. Ing wektoe samono VOC. tansah merangi wong Sepanyol lan

   Portegis, awit tanah Walanda peperangan lan bangsa loro maoe ana 
   ing Eoeropa.

VOC. lelawanan dagang karo bangsa Tjina sarta Jepang. Ing tahoen 1608 ana praoe Compagnie loro layar menyang Jepang. Ana ing kono Compagnie diidini dedagangan lan ngadegaké lodji.

Saka remboegé Frankridjk sarta Inggris, sanadyan Walanda lan Sepanyol ora sida bedhami, nanging ing tahoen 1609 meksa lèrèn anggoné perang, padha sèlèh gegaman ing dalem 12 tahoen. Prakara tanah Indhiya katemtokaké ing pradjangdjian, yèn wong Walanda lestari kena ndarbèni djadjahan enggoné ngreboet wong Sepanyol sarta Portegis, nanging sidji sidjining bangsa ora kena dedagangan ana ing djadjahan kang woes didjègi ing liyan ing wektoe awiting sèlèh gegaman. Moenggoeh ing atasé tanah Indhiya awiting sèlèh gegaman ikoe kang mesthi koerang loewih let sataoen karo ing Eoeropa, awit tanah Indhiya nganggo ngentèni oedhoening dhawoeh. Ana ing Indhiya ketara banget, yèn wong Sepanyol ora nganggep bedhami sèlèh gegaman ikoe; dadi VOC. kepeksa tansah tata tata nyentosani wadyabala lan samekta gegamaning perang. Bangsa Inggris lan Portegis sok dibiyantoni ing wong boemi, merangi marang wong Walanda.

VOC. ikoe enggoné ngregani boembon crakèn saka kepoelowan Moloko moerah banget, dagangané wong boemi dhéwé dilarang larang. Tindak kaya mangkono ikoe ndadèkaké karoegiané bangsa boemi, wasana bandjoer padha dagang colongan lelawanan lan wong Portegis, Inggris oetawa Jawa. Compagnie moering banget; kebon kebon pala lan cengkèh akèh kang dibabati minangka paoekoemaning wong priboemi. Wong Bandha banget moeringé, woewoeh woewoeh dibombong wong Inggris. Admiral Verhoeff, oetoesané VOC. dicidra dipatèni. Wasana ing tahoen 1609 poelo Bandha malah bandjoer kena didadèkaké djadjahan VOC.

Marga saka pakéwoeh warna warna ikoe VOC. doewè panémoe yèn pangrèhé koedoe koekoeh, dikoewasani wong soewidji. Nganti toemekané wektoe semono, sidji sidjining lodji ana pangrèhé dhéwé, para pangrèh ora merdoeli marang pangrèhé lodji liyané. Wiwit tanggal 1 September tahoen 1609 sakèhing kantor lan èskader (kapal kapal perang) ing tanah Indhiya dikoewasani ing panggedhé soewidji, djenengé Gooeverneoer Generaal (GG.). Gooeverneoer Generaal kang kawitan yaikoe Pieter Both. GG. maoe didhawoehi niti priksa kelakoewan, gawéyan lan oeripé para poenggawa. GG. ikoe panyekelé paprentahan nganggo dibiyantoe ing poenggawa liya, djenengé Raad van Indie.

Cacahè warganing Raad van Indie sanga, kang lima tansah dadi kanthining GG., kang papat aran "Lid" miroenggan, padha dadi gooevernooer ana ing papan liya, enggoné mèloe parepatan moeng yèn ana remboeg sing perloe perloe banget. Pamoetoesing prakara kang perloe perloe GG. koedoe ndjaloek remboegé Raad van Indie; wondéné GG. dadi pangareping parepatan. Yèn parepatan ora bisa moetoesi, poetoesané GG. dhéwé woes kanggep apsah. GG. ikoe oega dadi sénapatining pradjoerit Dharatan lan laoetan.

Pamanggèné Toewan P. Both ana ing Ambon. Ana ing Moloko P. Both klakon bisa nggedhèkaké pangoewasa, gawé kapitoenané wong Sepanyol lan Portegis. Ing tahoen 1613 P. Both bali menyang tanah Walanda nanging ana pasisiré poelo Maoeritoes praoené Kèrem, P. Both dadi lan tiwasé. G. Reynst djoemeneng goemanti GG. kapilih ing para Bewindhebber, ing tahoen 1615 digentèni L. Real. Dhèk samono VOC. lagi karépotan awit wong Inggris saya katon enggoné moengsoeh VOC. Ana ing Banten pangoewasané wong Inggris tansah moendhak. Yan Pieterszoon Coen, Liding Raad van Indie banget soemelangé bok manawa djadjahan VOC. bakal direboet ing wong Inggris. Ing tahoen 1616 wong Inggris ngedjègi poelo Roen, djadjahané VOC. ing Moloko. Ing nalika ikoe JP. Coen katetepaké ngoewasani sakèhing prakarané VOC. ing Tanah Jawa. Coen enggal toemandang merangi wong Inggris. Kang ikoe ndadèkaké banget panasé wong Inggris sarta Pangéran Ranamenggala ing Banten. Bareng ing tahoen 1618 ana kabar yèn lodji ing Jepara diroesak déning kawoelané Panémbahan Mataram, lan tetéla banget, wong Inggris, wong Banten lan wong Mataram ayon nedya noempes wong Walanda, JP. Coen noeli ngalih saka Banten menyang Jakarta, lodji ing kono didadèkaké bètèng. Ora lawas JP. Coen ditetepaké dadi Gooeverneoer Generaal, tahoen 1619. Ing tahoen ikoe wong Inggris lan Walanda enggoné memoengsoehan padha déné ngedhèng. Kantoré wong Inggris kang adhep adhepan bètèngé wong Walanda ing sapinggire kali Ciliwoeng iya noeli disentosani. Kapalé wong Walanda sidji dibeskoep Sir Thomas Dale, panggedhéning èskader Inggris. Coen sandika ndjaloek baliné, nanging wong Inggris malah mangsoeli soegal. Bètèng Inggris enggal ditempoeh, nganti kena obong, tahoen 1618. Ora antara lawas bètèng Walanda dikepoeng ing moengsoeh.

VOC. karépotan banget, marga kekoerangan praoe lan obat mimis. Wong Jakarta ora ana kang gelem dadi koeliné; malah wong Jakarta nempoeh bètèng Walanda, èskader Inggris gedhé ana segara dipethoekaké praoe Walanda, perangé dèdrèg, wasana kesapoet ing wengi. Esoeké JP Coen ora wani methoekaké praoe Inggris manèh; poetoesaning remboeg arep menyang Moloko ndjaloek bantoe lan ndjoepoek obat mimis. JP. Coen weling wanti wanti marang Van den Broecke. Yèn ana kapèpèté kepeksa noengkoel, noengkoela marang wong Inggris, adja nganti noengkoel marang wong Jakarta oetawa Banten. Katjarita wong Inggris woes pradjangdjian lan wong Banten, nedya nempoeh bètèng ing Jakarta. Pangéran Jakarta, Widjaya Krama, gela banget, déné ora diadjak remboegan ing wong Banten, noeli golèk akal bisané ngreboet bètèng dhéwé. P. van den Broecke disoewoeni bodjana minangka pratandhaning pamitran. P.v.d. Broecke kanthi poenggawa pitoe kaleboe ing gelar, bandjoer cinekel lan kinoendjara. Van Raay sing nggentèni Van den Broecke didjaloeki teboesan, ora mitoeroeti. Wasana wong Inggris lan Van den Broecke dhéwé awèh weroeh marang wong Walanda soepaya masrahna bètèng. Van Raay kendhak atiné, nedya noengkoel, wekasan ana djalaran kang moeroengaké sedyané Van Raay saandhahané. Wong Banten ora awèh, yèn bètèng Jakarta toemiba ing wong Inggris.

Pangéran Jakarta ditoengkeb, djadjahané kagamblokaké marang Banten. Rèhning wong Banten crah karo wong Inggris, èskader Inggris moendoer saka Jakarta. Bètèng Walanda dikepoeng ing wong Banten. Bareng wong Walanda ngerti yèn bakal bisa oewal saka ing bebaya, bandjoer toemandang nyentosani bètèng manèh. Bareng wis rampoeng wong Walanda padha boengah boengah nganakaké boedjana, bètèng Jakarta didjenengi Batawi (tahoen 1619). Bareng loengané JP. Coen wis oleh patang sasi bandjoer bali nggawa praoe nembelas. Pradjoerit kang ngepoeng bètèng ditempoeh boebar, koetha Jakarta digempoer. Coen noeli menyang Banten, wong Banten roemangsa ora koewagang nglawan P. van den Brocke sakancané dioeloengaké. Sarèhné v. d. Broecke lan van Raay dianggep kaloepoetan enggoné netepi wadjibé, moelané tampa paoekoeman abot saka JP. Coen. Tanah Jakarta bandjoer diakoe ing VOC, JP Coen enggal mbangoen Koetha Batawi, dipernata lan diredjakaké. Ing sacedhaké palaboehan didokoki omah, djenengé "Kasteel" ing kono doenoenging papréntahané VOC. ing satanah Indhiya. Ing sarampoengé prang Jakarta, Coen nedya males marang wong Inggris. Nanging ing tahoen 1620 kabar saka Eoeropa yèn para panggedhéné VOC. ing tanah Walanda roekoen karo Compagnie Inggris. Kang ikoe ing tanah Indhiya oega Walanda karo Inggris iya koedoe roedjoek.

Wosing pradjangdjian mangkéné: Sidji sidjining Compagnie nganggo pawitan dhéwé dhéwé sarta kena soedagaran ing satanah Indhiya, nanging pradjangdjian monopolie kang maoe maoe dilestarèkaké. Koelaké koedoe bebarengan, oleh olèhané diparo. moeng ing poelo poelo Moloko wong Inggris oleh saprateloné. Prakara perang dadi tetanggoengané Raad van Defensie, kang dadi wargané wong Walanda lan Inggris genti gentèn saben sasi.

JP. Coen banget ora senengé déné ana pranatan kaya mangkono ikoe, awit wong Inggris ora wenang oleh djadjahané VOC, Wong Inggris roemangsa disengiti wong Walanda, moelané ing saolèh oleh rekadaya bisané males marang VOC. Walanda. Nalika wong Bandha mogok, kang ngodjok odjoki wong Inggris. Sarèhné ana Raad van Defensie warga Inggris ora pati saroedjoek ngoekoem marang kraman maoe, JP. Coen bandjoer pratéla yèn wong Bandha kang wenang ndarbèni iya moeng wong Walanda. JP. Coen noeli mangkat menyang Bandha, wong boemi diwisésa, dipatèni oetawa diboewang menyang Tanah Jawa. Poelo poelo Bandha didoem marang para Walanda tilas poenggawané Compagnie, nanging diwadjibaké nandoer pala, lan pametoené koedoe didol marang VOC. Tindak sawenang wenang ikoe dadi cacade JP. Coen. Ing wiwitané tahoen 1623 JP. Coen lèrèh marga saka pandjaloeké dhéwé. Kang goemanti djoemeneng GG. saka panoedingé Coen iya ikoe P. de Carpentier. Doeroeng nganti sasasi enggoné dadi GG., de Carpentier wis nemoe reribet, gèsrèk lan wong Inggris.

Ana ing Ambon wong Jepang bebaoening wong Inggris kacekel ing wong Walanda. Bareng ditliti tliti, wong Jepang maoe blaka yèn wong Inggris wis padha soempah soempahan sapoenggawané Jepang nedya noempes wong Walanda lan ngreboet bètèng Victoria. Tinemoening papriksan wong Inggris 9 wong Jepang 9 lan wong Portegis sidji padha ngakoni, yèn pancèn doewè niyat kaya atoeré wong Jepang maoe. Noeli dioekoem kisas.

Karampoengané pangrèh Walanda ing Ambon ndjalari crahing VOC. lan Compagnie Inggris. Wong Inggris ing poelo Moloko padha loenga, ngedjègi poelo Lagoendi ana ing soepitan Soendha, nanging sarèhné akèh kang mati oetawa lara, bandjoer padha ngoempoel ing Betawi. Ora antara lawas wong Inggris ana ing Betawi ora bisa roekoen karo wong Walanda, noeli padha loenga menyang Banten.

Wiwit adegé koetha Betawi tansah dibeciki: Coen wis ngadegaké pamoelangan sarta moerih adjoening dagangan, ndjoepoeki wong Tjina saka Banten; kedjaba ikoe Betawi oega dianani pangrèh koetha kang ngiras nyekel pangadilan. Carpentier wiwit nganakaké padjeg dhoewit kanggo mbecikaké tindhaking piwoelang sarta pangadilan lan manèh gawé yeyasan kanggo mitoeloengi marang bocah Walanda kang lola.