Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 13

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 13

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


13[edit]

13 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 5 Tekané Wong Walanda ( tahoen 1596)

Ing abad kang kaping 15 ing nagara Walanda bab misaya iwak madjoe banget ( iwak haring). Iwaké didol soemrambah ing tanah Eoeropa. Jalaran saka ikoe lelayarané praoe praoe momot barang dadi ramé. Praoe praoe momotan maoe kedjaba momot iwak, oega nggawa barang barang liyané, kayata: mertega, kèdjoe lan laken saka Nederland didol menyang Eoeropa sisih lor lan kidoel. Soko Portegal wong Walanda koelak anggoer lan oeyah; saka tanah tanah sapinggire Sagara Wétan gandoem lan kayoe, lan saka Inggris woeloe wedhoes. Awit saka ikoe kabèh lelayarané praoe praoe momotan ing satanah Eoeropa kacekel ing tangané bangsa Walanda. Ing wiwitané abad kang ping 16 Koetha Lissabon dadi poesering padagangan kang saka ing tanah Indhiya. Kang mencaraké dagangan maoe menyang tanah tanah liyané sapérangan gedhé iya bangsa Walanda. Ikoe kabèh ndjalari wong Walanda bandjoer dadi soegih, wong kang maoené moeng ngepalani praoe praoe momotan, bandjoer dadi nakoda oetawa soedagar.

Ing poengkasané abad 16 wong Walanda banget pangoediné marang ada ada anyar lan banget kepenginé marang lelakon lelakon kang doeroeng taoe dilakoni, loewih loewih bareng kroengoe critané lelayaran marang Indhiya saka wong wong Walanda kang maoené manggon ing Portegal. Apa manèh ing nalika ikoe akèh soedagar soedagar saka Nederland Kidoel (Antwerpen) padha ngalih mangalor. Koewasané karadjan Sepanyol tansah soeda, perang karo bangsa Walanda lan Inggris kerep kalah. Dedagangan ing Lissabon toemrapé bangsa Walanda bandjoer diengèl engèl amarga wiwit ing tahoen 1580 Lissabon kebawah Sepanyol. Jalaran saka sebab sebab ing ndhoewoer maoe kabèh, bangsa Walanda kenceng tekadé arep lelayaran menyang tanah Indhiya dhéwé, bathiné mesthi bakal loewih akèh, awit bisa koelak dedagangan saka ing panggonané asal. Wiwitané nyoba lelayaran metoe lor ngoebengi boewana Asia, perloené nyingkiri bangsa Sepanyol, yaikoe moengsoehé. Sarèhné layar metoe lor ikoe terang yèn rekasa banget, istingarah ora bisa kelakon tekan tanah Indhiya, noeli wong Walanda arep nékad metoe kidoel noeroet pesisire boewana Afrika kaya wong Portegis. Cacahing praoe kang arep mangkat ana 4, kang ngepalani aran Cornelis de Hooetman ikoe wis bisa oleh katrangan dalané menyang Indhiya ana ing Lissabon. Déné kang dadi leloerahing djoeroemoedhi wong pinter ing ngèlmoe boemi aran Pieter Keyzer. Ing tanggal 2 April tahoen 1595 padha mancal saka dharatan, lakoené ana ing dalan ngrekasa banget, nanging tanggal 23 Joeni 1596 kelakon toemeka ing Banten.

Satekané ing palaboehan Banten praoené wong Walanda diroeboeng ing praoe cilik cilik padha nawakaké wowohan lan dodolan warna warna. Ora soewé ing dhèk kebak wong Jawa, Arab, Tjina, Keling lan Toerki padha nawakaké dedagangan. Wong Walanda medhoen menyang dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo boekak toko. Sawoesé tekan dharatan bandjoer dodolan lan koelak dedagangan kang diimpi impi, yaikoe mrica. Nanging bareng padha reremboegan bandjoer padha pasoelayan. Wong Portegis weroeh kang mangkono ikoe noeli ngréka daya soepaya wong Walanda disengiti ing wong Banten. Apamanèh Cornelis de Hooetman ikoe wani kasar karo Mangkoeboemi ing Banten, lan sarèhning wong Banten koewatir bok manawa koetha Banten bakal ditibani mimis saka ing praoené wong Walanda, Cornelis de Hooetman sakancané 8 dicekel lan dilebokaké ing koendjara. Cornelis de Hooetman lan kancané 8 pisan maoe iya noeli loewar, nanging sarana diteboes. Bareng wong Portegis mbabangoes manèh marang wong Banten, wong Walanda bandjoer ninggal Banten, awit oega weroeh yèn ora bakal bisa oleh dedagangan ana ing kono. Wong Walanda bandjoer layar mangétan oeroet pasisir loring Tanah Jawa nganti tekan Bali. Saka kono bandjoer bali menyang nagara Walanda oeroet pasisiré Tanah Jawa kang sisih kidoel.

Tekané ing nagara Walanda praoené kang maoené papat moeng kari teloe, wong kang maoené 248 moeng kari 89. Lan barang dagangan sing digawa apadéné bathiné moeng sathithik banget. Nanging sedyané kang gedhé ikoe wis kaleksanan, iya ikoe saiki dalan kang menyang tanah Indhiya wis kawroehan. Nalika tahoen 1598 ana praoe Walanda manèh teka ing Banten, kang manggedhéni Yacob van Neck. Sarèhné van Neck maoe wong kang aloes beboedèné ora kasar kaya de Hooetman, dadi wong Walanda ditampani kalawan becik, dipèk atiné kenaa didjaloeki toeloeng yèn ana nepsoené wong Portegis, malah van Neck oleh palilah katemoe lan sang timoer Aboelmafachir ratoe ing Banten lan van Neck ngatoeri tinggalan toewoeng mas. Wong Walanda enggal baé oleh dedagangan mrica akèh. Wiwit ing nalika ikoe akèh praoe praoe Walanda kang teka ing Moloko koelak mrica, pala lan cengkèh. Dhok dhokané praoe kang menyang tanah Indhiya ikoe ing Banten, dalasan praoe kang saka ing Moloko, sanadyan woes kebak dagangan, kang mesthi iya nganggo mampir. Soewé soewé pelaboehan ing Banten saya ramé déning praoe Walanda kang teka loenga ing kono. Ing wektoe ikoe Sepanyol lan Portegis wiwit ngêdhèng enggoné perang karo bangsa Walanda ing tanah Indhiya.

Andreas Foertadho de Mendoca nggawa praoe 30 saka Goa layar menyang tanah Indhiya, arep dhedawoeh marang para panggedhé ing sakèhing koetha plaboehan nglarangi nampa wong Walanda; sakèhing wong Walanda kang woes ana ing kono koedoe ditoendhoeng. Ing tahoen 1601 ana praoe Walanda teka ing soepitan Soendha, kang manggedhéni Wolphert Harmens, ana ing dalan Wolpert Harmens wis oleh pawarta yèn Banten dikepoeng ing balané Foertadho perloe ngloengakaké wong Walanda lan meksa marang Pangéran ing Banten ora kena ngayomi sakèhing Walanda. Sandyan praoené Harmens moeng lima, nanging nékad nempoeh praoené wong Sepanyol. Saloengané wong Sepanyol saka ing Banten, Harmens mleboe ing plaboehan moenggah menyang koetha.

Ora antara soewé ana praoe Walanda teka manèh, panggedhéné aran Yacob van Heemskerck enggal baé oleh dedagangan, praoené kang lima wis kebak, noeli dilakokaké bali menyang nagara Walanda, déné praoe sakariné bandjoer layar menyang Gresik. Ana ing Gresik kono Heemskerck sawisé kebak praoené bandjoer bali menyang nagara Walanda. Ing wektoe ikoe para soedagar Inggris iya wis padha bathon nglakokaké praoe menyang tanah Indhiya. Ing tahoen 1602 ana praoe Inggris teka ing plaboehan Banten nggawa layang lan pisoengsoeng saka ratoené. Wong Inggris ditampani kalawan becik, dadi gampang nggoné golèk dagangan, sarta bandjoer kaidinan ngedegaké kantor.