Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/243

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

107

anggunem Susunan Kudus
sumilih[1] ramanira

dadi sénapati maning
anglurug ming Mahos-tikta
kang sarta winuwuhané
Sunan Jati pinerih rowang
pangawat kulon bala
miwah Sunan Giri tumut
pangawat wètan kang bala

lajan binaktanan peti
pusaka Patu Palèmbang
wus peryoga ing[2] lampahé
Wong Majapahit wus mapta
gagamanira mapag
cucuk sénapati Terung
lan putra ing Majalengka

punika[3] rowangé malih
putra kang anèng Panaraga[4]
wus sisih ing[5] anané
putra Panaraga ingkang
kulon pangawat bala
dupi putra Maja-langu
pangawat wétan kang bala

yata ika wus lumaris
kang sumedya ing perang
ayun-ayunan sadyané[6]
bala Buda mahabara
sakti sarta istidraj
bala Islam sakti punjul
linewih sarta karamat

  1. No. 107: suwéléh, lascht in: ing
  2. No. 107: sa.
  3. No. 107: pinangka.
  4. No. 107: Perna raga.
  5. No. 107: sisi-sisi zonder ing.
  6. No. 107: sadayané.