Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/236

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

100

permila nuli dèn-pencar
raja Lahut anitihi
yang Jaketra miwah putra
Jasba[1]-kingkin anitihi
ing Banten panagri
haji Dzu'liman alungguh
ana ing Pajajaran
Raja Sengara anitih
ing Tegal luar anggelaraken Islam

laminé ingkang semana
Ratu Kasundan sampun muslim
tan nana malang ing karsa
tan antara ing alami[2]
Sunan Ampél angemasi
para wali sami kumpul
ing Ampél ika pada
amulasara wus padni
tumuli para wali bubar ing indra

Giri gaja(h) ika pada
angasri Susunan Giri
jumeneng ratu pandita
anata agama muslim
pangawat wétan sami
tekèng Madura anungkul
ming Sunan Giri liman
jata ing kana persami
musawarah kang para wali sasanga

ana hing pernab kang nama
Giri kedaton anenggih
persami[3] jangji-jangjian
sampun mawih[4] kelad-kelid
ajana[5] ngilung ilmi

  1. No. 107 te recht: Seba.
  2. No. 107: lami-lami.
  3. No. 107: para sami.
  4. No. 107: mawa.
  5. No. 107: adja ta.