Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/181

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
There was a problem when proofreading this page.
45

jata oetjapen kang asroe berangti
ming rasoel doek mangko
moerang-moerang peringgo djalané
kang linampan pernah kang soengil
mandjing ing wanadri
anerang baja goeng

wantji 'açar rèrèn asemadi
sasoring kakajon
ba'da çalat loemoenta lampahé
doemoengkap tigang dina manggih
séla oemahaning
naga sigra metoe

akatah djalma tanjalah iki
sawidji wong anom
teka kendel ing lakoené déwék
ora amawi réwang kadoegi
ming panggonan kami
paran sira djoedjoeg

amangsoeli kang dinoeka ing liring
ia ingsoen wong
kahoem kasasar ingsoen meréné
kang soen-djoedjoeg ngoelati nabi
sang naga mangsoeli
rasoel pon woes lampoes

woes lawas wafaté lan tatapi
Allah kang sadjatos
kewasa gawé gampang kang angèl
bok menawi bésoek pakolih
fadhaling jang Widi
wong anom tinemoe