Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/165

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

ingkang iboe sinoehoen
něnggi sira awiwini
saking sang ratoe Padjadjaran
kang ikoe satoehoe
agagarwa istri acal
saking sabrang nama Singapoera negari
mios poetra titiga.

kang satoenggil djaloe akakasih
kang anama radja Tjakra boeana
mengkana malih rajiné
radja Sengara tinoet
arinira[1] malih pawèstri
nama nji dalem Satang
ja ikoe kang iboe
Soenan Goenoeng djati poerba
dalem Satang[2] kang binakta késah hadji
déning Tjakra boeana.

maring Arab noeli ika mambarih
angoendjoengi kang Béta'lmoeqdas
astanané nabi kabèh
njata ing kana waktoe
ratoe ing[3] Bani'sra'il
mentas kapatèn garwa
ing manabé riboet[4]
èsmoené maksih kasmaran
maring satoehoe garwa kang woes ngemasi
temah dawoeh kandika.

maring pangoeloené kang nama[5]
qadï Djamal'oe'ldin miwah tanda
sabanda[6] koelawargané
sapa-sapa kang anemoe
késah[7] rabiningsoen kang mati

  1. No. 107 foutief: aranira.
  2. No. 107 weggelaten; regel 7, 8 en 9 half.
  3. No. 107 om de maat: ana ing.
  4. No. 107: wiboeh.
  5. No. 107 heeft de juiste eindklinker: nami.
  6. No. 107 foutief: sabendoe.
  7. No. 107 terecht: kaja.