Page:Tijdschrift voor Indische Taal- Land- en Volkenkunde, LV.pdf/55

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

46

20. sakarsané kangdjeng goesti Soenan Bonang
adan séh Lemahbang mangsoeli
ora nana Allah
anging séh ing Lemabang
ingkang ana anéngriki
ka-atoerena,
baé ing para wali

21. jata wangsoel Tanda djoepoe loenta lampah
matoer ing para wali
jén tjampolé karja
séh Lemabang doek sabda
nenggé tan ana Hjang Widi
wonten ingrika
anging sé kang alinggih

22. soenan Koedoes miarsa atoeranira
Tanda djoepoe dén aglis
karsa toemindaka
pjambek ming Lemabang
soepados dipoen-ampohi
déning kandika-
nipoen soesoenan Djati

23. mangké-mangké sampoen kantos sapoenika
angleng poenika mali
Tanda djoepoe sira
oewis agé balika
ming Lemabang déng pramati
atoeranira
maring séh dipoen-jakti

24. atoerana karoné séh Iawan Allah
adja ora kaéring
déning pakanira
Tanda djoepoe laksana
Wangsoelera woes doemoegi
ming séh Lemabang
nemba matoer jén ngabdi