Page:Het boek Adji Såkå.pdf/17

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.


dhérék, ingkang raka tilas patih ing Mendhang Kamolan, atilar putra éstri satunggil anama Dewi Rarasathi, wancinipun saweg birahi sekar, anglangkungi ayunipun, kala samanten boten wonten ingkang animbangi.

Nyai rondha medal saking griya, kaget aningali wonten tamu, lajeng wangsul malebet aparétah dhateng récang éstri angelar lampit, sarêng sampun dipun kén angaturi tamu ingkang wonten ing jawi. Ajisaka kaliyan sakabatipun kairid malebet sami alenggah wonten ing lampir sangandhaping batur, sarta dipun segah gantén.

Nyai Rondha éram sanget aningali bagus sarta wingiting semunipun Ajisaka. Sarêng sampun ambagékaken lajeng apitakon : sapéyan sinten ingkang sinambat saking pundi : sarta ing pundi ingkang sineja, Ajisaka amangsuli, kula tiyang nglalana, boten gadhah griya, Nyai Rondha gumujeng amangsuli, kula pitakén ing sayektosipun : ing pundi wonten tiyang boten gadhah pinongka, Ajisaka amangsuli, sayaktosipun kula saking nagari sabrang, dhateng kula mriki badhe sumerêp tanah Jawi, kula mugi sampéyan serêpaken ing ngriki dipun wastani nagari ing  Mendhang Kamolan, ing jumeneng Rathu ajujuluk  Dewatha Cengkar patihipun ingkang rumiyin sémah kula, ing mangké sampun tilar, dipun gentosi sadhérék kula aném, A