Jv/Sastra Jawa Modhèrn

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Sastra Jawa Modern wiwit metu nalika jaman Walanda wis suwe ing tanah Jawa. Yen dietung wektune, kira-kira pas abad sangawelas Masehi.

Wong-wong Walanda mau ngeguhke supaya para pujangga Jawa nulis crita kaya dene kang ana ing prosa wong bule. Ora kaya crita-crita Jawa sadurunge, critane ora ngenani wayang utawa lelakon kang wis kepungkur dadi lakon gethok tular.

Pisanane, basa kang digunaake nganggo basa krama. Nalika wiwitan Balai Pustaka, sastra Jawa luwih akeh tinimbang sastra Melayu. Sastra Jawa modern wiwit kondhang nalika basa ngoko wiwit dienggo. Jaman kuwi, majalah Panjebar Semangat kang dipandhegani dening dr Soetomo nganggo basa ngoko supaya akeh kang bisa maca.

Sastra Jawa ngeda-edabe nalika ing antarane 1950-1960-an kang akeh dicithak novel-novel picisan (asring uga sinebut novel panglipur wuyung). Jeneng kaya Any Asmara, Esmiet, Suparto Brata, lan miwite dadi wong kondhang.

Daftar anggitan sastra[edit]