Jv/Sastra Jawa Anyar

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Sastra Jawa Anyar kurang luwih lair sawisé mlebune agama Islam ing pulo Jawa kususe Demak antarané abad kaping 15 - abad kaping 16 Masehi. Kanthi mlebune agama Islam, wong Jawa entuk ilham anyar sajrone nulis karya sastrane. Mula ing wanci-wanci awal, jaman Sastra Jawa Anyar, akeh dikarang karya-karya sastra babagan agama Islam. Suluk Malang Sumirang iku salah sawijiné sing wigati dhéwé.

Gaya basa ing wanci-wanci awal isih mirip karo Basa Jawa Tengahan. Sawisé taun ~ 1650 Masehi, basa Jawa gaya Surakarta dadi luwih dominan. Sawisé mangsa ini, ana uga renaisans Sastra Jawa Kuna. Kitab-kitab kuna kang kinambegan agama Hindu-Buddha lekas disinaoni lan ditulis kanthi basa anyar.

Sawijining jinis karya sing kusus yaiku karya sastra kang diarani babad. Karya iki nyaritakaké sajarah. Jinis iki uga ditemoni ing Sastra Jawa-Bali.

Daftar Karya Sastra Jawa Anyar[edit]

Jaman Islam[edit]

Jaman Pambangun lan Sabanjuré[edit]

Babad-Babad[edit]