Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 91

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 91

Alihaksara[edit]

/kaca 091/

d yasa kaḍaton kinubeng ing balowarti kandel ; sakpal mubeng ; sairta sagedipun kaklempak bala ; piniluda ; rinoban ing arta ; busana punapadené kawartos saged ulah prang kados kados trahing kusuma ; kasembuh gaḍah kawruh saged damel mas ore ; sumelang kawula ; manawi putra tuwan raden udakawimba baḍé males ukum ḍateng panjenengan paduka ; awit nimaos kasakitan manahipun ; suwitanipun wontĕn ing ngarsa padukq" ; "uwa ; kaya ana emperé tangguhira &u ; lah ing mengko ; kepriyé kang dadi pamikirira?" dereng dumugi pangandikanipun sang prabu ; kasaru geger ing jawi ;

lebetipun bupati tamping ; tanpa larapan ; kaplajeng mentas perang kaliyan cucuking baris ing ḍusun sumbereja ; tanpa kiwul linud winejeg puren ; risak tanpa kukupan ; sang prabu ; gugup pandangunipun ; "apa si udakawimba ; kang dadi gegununganining kraman?' bupati tamping,": kawula ; nuwun gusti ; ingkang pinḍa ratu ; inggih senapatining prang kadosdené putra tuwan raden udawimba ; awit warnanipun ; gagah prakosa arawis capang ; sariranipun cemeng ; putra tuwan tanpa ngagem rawis ; tuwi