Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 88

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 88

Alihaksara[edit]

/kaca 088/

sampeyan yayi senḍang kula suwun piyambak dadosa jatukrama kula ; malah kula apratignya ; salebeting manah kula baḍé boten rabi ing salami laminipun ; bilih boten angsal yayi senḍang ; pramila panyuwun kula dados boten katanggelan anggen kula ngaku bapa ḍateng panjenengan sampeyan" ; kyai ageng wulusan ; asrep ing galih miḍangetaken ,aturi pun ingkang putra raden udakawimba ; walehipun punika ; ingkang dipun upadosi ; "raden ; apa kang ; pinikir maneh? yen wis ḍasar dadi kencengé karepmu ; aku wis anglilakaké aḍimu rara senḍang koemong ḍewe ; ming ; aku titip yen ora ana kanggoné bae ; aja kosiyasiya ; ulihna ; marang aku ; awit ; bocah ugungan ; cilik mula ; ora mambu ajar" ; rentah galihipun raden udakawimba ; miḍangetaken pangandikanipun ingkang rama ; "rama ; kula boten cipta krama ; namung ; baḍé ngemong yayi senḍang ing salami laminipun" ; boten kacariyos reroncenipun ; raden udakawimba samppun kalampahan ḍaup kaliyan rara senḍang ; a