Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 80

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 80

Alihaksara[edit]

/kaca 080/

mila raden udakawimba sirna sumelangipun ; korining kaḍaton ; lajĕng kasorong menga ; sanget eram ing galih ; dené boten wontĕn ingkang katingal repit ; sadaya taksih wetah ayam ; rerengganing prabasuyasa ; sarwa emas ; raden lajĕng abikaki geḍong geḍong ; salebeting kaḍaton ; sadaya kuncinipun ; taksih sami manjing ing inebipun piyambak piyambak ; pinten ; pinten rajabrana karaton ; taksih pepak tuwin bekakas ḍahar sarwa emas tuwin salaka ; wusana abikak geḍong rajabrana ; ing riku kalempaking dunya arta emas ; arta salaka pinten pinten kaṭahipun ; raden udakawimba ngratika salebeting galih ; "yen rajabrana iki ; lestari

kaduwé ing aku kabeh ; kasugihanku angungkuli para ratu ing alam dunya ; kang misuwur ḍewe ; nanging ; yen luput4uput sembiré nganti kauningan ing ratu kang abawahaké paḍukuhan ing sumbereja kene ; wurung sugih ; rajabrana ; kadarbé ing liyan ; awaké malah kaprentah ; " raden udakawimba ; sampun kacariyosaken ing ngajeng yen lantip yeyasan pakartining kriya ; kagungan osi