Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 78
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9b/Rangsang_Tuban_kaca078.png/512px-Rangsang_Tuban_kaca078.png)
Alihaksara
[edit]/kaca 078/
raden udakawimba wungu saré kaget aningali saḍasaring jurang nyremomong kados wana kawelagar ; dipun waspaosaken ; tetela yen wontĕn mrengangah abrit ; déning kasorodan paḍangé srengenge ; raden eram ing galih ; dené wontĕn tetingalan aneh ing salebeting jurang ; sekunging galih ; baḍé kanyatakaken ḍateng ing ḍasar ; raden udakawimba lajĕng muḍun ; pados margi ingkang repeh ; wusana manggih unḍak unḍakan sela cenḍani ; sampun katutup ing rumput merakan ; raden eram ing galih ; dené wontĕn unḍak unḍakan wontĕn ing jurang ; lajĕng ; gampil uḍunipun ; namung kc ntun miyak rerungkudipun ; dumugi ing nganḍap ; raden udakawimba sumlengeren aningali weḍinipun abrit ; kawoworan mas oré sarta sesotya amanca warni ; katingal pating kdrelip ; saha eram malih tetela yen ingkang katingal abrit wau tutuping kori gapu
raning kaḍaton ; tembaga sari kagembleng ; wontĕn sorogipun ageng taksih manjing ; kori lajĕng kaengakaken ; gampil kemawon ; byar ; katingal canḍi kaḍaton salebeting guwa ; kados punapa kemawon eraming galipun raden uda