Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 71

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 71

Alihaksara[edit]

/kaca 071/

n ; kiyamu bin napsihi ; iya iku jumeneng kalawan ḍawak ; wadoniyah suwiji, kudrat kang kuwasa ; iradat aran karsa, ngelmu kawruh kayat urip ; samak miyarsa, nasar wruh kalam angling ; wan kadiran kuwasa muridan karsa ; ngaliman kang unḍagi ; kayan ingkang gesang ; samingan kang miyarsa ; basiran iangkang ngawruhi ; munta kaliman, iyeku ingkang angling ; pikukuhing islam pan limang prakara ; sadat ingkang rumiyin, wa ashadu anna, la ilaha ilullah, wa ashadu anna nenggih ; nabi mohamad, iya rasulullahi ; satuhuné pan ora ; ana pangéran ; nanging allah sayekti ; pan satuhunira, kangjeng nabi mohamad ; utusaning mahasuci ; artining sahadad, ngandel marang hyang widḍi ; kaping kalih ashadu anna ilaha ; ilahana kang arti, satuhu