Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 66

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 66

Alihaksara[edit]

/kaca 066/

ku lan lungguh ; aneng panggonan liyan, sakeclapan ing kené sayekti suwung ; katon ngalih aneng kana, byaring tyas wus ngrasa bali ; pusaka pudya kidungan ; panḍitadi aras resi hartati ; harta daya kang jejuluk, karya gita pralambang, anenangi sanggyaning kang muḍa punggung, isiné kang wuluh wong wang ; suwung obah keneng angin ; tapaké kontul anglayang ; manuk miber muluk ngungkuli langit ; kalawan gigiring punglu, kuda ngrab ing pandengan ; wekasaning langit ian jaladri agung ; tanggal pisan kapurnaman ; senteg pisan anigasi ; kabeh dayaning budaya ; anganakken cipta ian siring ati,

pininḍana watesipun ; ian ana tilasira, apadené kinira sapisan tunḍuk, kalawan pancering nala ; rampungé mbabar pisani ; pralambang bumi pinetak, duhkiteng tyas lumengket tan ngenḍani ; kanang pawana tiniyub ; yeki bantering manah ; cipteng nala lumaku rosaning bayu, apek geni adedamar, wong ngangsu pikulan ; warih ; yeki paḍanging tyas tama, gung ngupadi unḍaké kawruh iki, tanapi kang banyu kinum ; yeki aḍeming manah, angungkuli aḍemé kang tirta salju, dahana murub binakar ; yaiku panasing ati ; lu