Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 63

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 63

Alihaksara[edit]

/kaca 063/

mel kaḍaton mawi beteng ; sarta jagang angemper emper kaḍatonipun ingkang rama ; katingal angremenaken ; raden udakawimba pancen wasis ; ḍateng pakartining kriya ; salebeting manah ; upami wontĕn banḍa bahunipun kadugi adamel beteng santosa ingkang angel kabeḍah ing mengsah ; ing batos amaoni kaḍatonipun ingkang rama ; dené katingal ringkih sarta tanpa wewados ; gampil kabeḍah ing mengsah ; bobodipun raden udakawimba ; taksih laré sampun gaḍah gagasan samanten ; saiba diwasanipun ; kados boten kenging cinakrabawa ing sanes ; enget enget teḍaking ratu prajurit ; ḍasar wijiling amaratapa aluran saking kaki ; bilih swnpun wanci agiring ; raden udakawimba lajĕng ḍateng masjid sinau ngaos ; enjing sonten ; makaten lampahipun ; boten ngantos lami ; sampun limpad angungkuli laré kaṭah ; kauningan ḍateng kyai ageng wulusan ; raden udakawimba katimbalan ḍateng ing langgar kilen panḍapi ; kerid déning kyai pangulu ; raden udakawimba ; anoraga lenggah makiḍupuh ; kyai ageng wulusan ; pirena ing galih aningali warninipun raden udakawimba ; bagus merakati ; pamulu