Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 54

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 54

Alihaksara[edit]

/kaca 054/

pangayunaning pangéran ; amesṭi ora nemu siksa ; mengkono maneh ; vayi ; mungguhing aku ; iya kena ingaranan ora netep jangji ; amarga ; aku iya uwis palakrama sarta asesuta wadon ; " lajeng dipun anḍaraken lelampahanipun turut ; boten won ten ingkang kalangkungan ; sang retna anggenipun miḍangetaken ; ngantos angrentahaken waspa boten karaos ; satamating cariyos ; sang putri katingal tutut ; lajĕng sami kendel wontĕn ing yasakambang ; ing wand enjing ; sang pangéran lenggah kaliyan ingkang rayi wontĕn ing paningrat kaaḍep ing ceṭi parekan ; sang pangéran munḍut papan rontal ; kaserat ing kenaka ; lajĕng kaḍawuhan ; maringaken ḍateng kayi patih ;

; kacariyos ; utusanipun kyai patih anggenipun anglari tindakipun sang pangéran warihkusuma ; ajajah ḍusun amilang kori ngantos pinten pinten tahun ; 

sarehning sampun tita boten saged pinanggih ; lajĕng sami wangsul mantuk ḍateng nagari ajujug ing k apatihan ; kyai patih sawek lenggah ing panepen ; kaliyan ingkang putra raden udakawimba ; sang bagus sawek winulang ; patrapipun nyerat sastra je