Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 42

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 42

Alihaksara[edit]

/kaca 042/

lihipun sang prabu ; sang nata ḍawuhaken parentah ḍateng kyai patih ; "kakang ; layoné anakira apa wus sira pikir?" "kawula ; nuwun ; sampun ; saha ; sampun kawula angkataken" ; "kakang ; panggalihingsun ; ora bisa tumingal marang putunira jabang bayi ; awit ; samangsa ; ingsun tumingal bisa adadekaké kageting panggalihingsun ; enget marang kang wis layon ; awit saka iku ; bokmenawa bisa amugut karenan ; anangingsun ing dunya ; iku banjur sira labuha ing bengawan bae ; emanen yuswaningsun ; yen nganti ora widada saka ; pangaluping jabang bayi iku ; dené kang luwih perlu ; ingsun aja kongsi tumingal maneh marang si warihkusuma ; saiki ; sira tunḍungen lunga saka ; laladaning nagaraningsun ing banyubiru ; baliya ; marang laladaning ḍewé ing tuban ; yen ora ngestokaké parentahingsun ; amesṭi ingsun pateni kalawan pangewan ewan ; awit ; kang da di jalaran patiné putraningsun ; saka awake ;  ; dadi wis tetela ; yen lungané si warihkusuma saka ing nagarané mau pancen ala ; gawé sangaring nagara ; kang diambah ; apa karsaningsun ; amesṭi kalakon paḍa sanalika iki" ; kyai patih boten amenggak karsanipun sang prabu ; namung ba