Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 32

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 32

Alihaksara[edit]

/kaca 032/

tansah katitik kawicaksanan sarta kawasisanipun angrembag prakawising nagarf ; boten paé ian ingkang putra sang putri ; pancen sami pinertek ing piwulang wiwit timur mula ; panggalihipun sang prabu baḍé lintu patra tanḍa nama sumerening karaton ; boten ḍateng putra putri ; sayogi ; ḍateng putra mantu ; bilih sampun kalampahan ḍaup sarta sampun apeputra ; awit saking punika ; lajĕng kaḍawuhaken waradin yen sang pangéran kapacangaken ing sang putri ; sarta sang pangéran ; lajĕng kaangkat dados pangéran adipati anom ; cinenḍak boten antawis lami ; karsanipun sang prabu saestu niiwaha putra mawi sesuruhan para ratu ing amanca praja ; dumugining dinten pikramen ; bawahanipun sakalangkung ageng ; kyai patih sarta para niyakaning praja ; sami makajangan wontĕn ing alun alun laminipun kawandasa dinten ; nutug ; sami suka parisuka ; ḍauping panganten sami kaestranan para ratu pinisepuh ; ing kaḍaton kados jebol jebola kebak déning kaṭahing tiyang ; wewangi ing kaḍaton ; kasabeting samirana sumilir wedalipun angebeki pasamuwan ; kados angin suganda ; awor ḍeḍaharan ingkang miraos kongas ambetipun adamel reseping paratamu ; tumunten sang prabu ; sarta sang pra