Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 13

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 13

Alihaksara[edit]

/kaca 013/

tih ; ḍawuhipun sang prabu ; "iya ; uwa patih ; kakangmas ; sedanana ana ing alas bae ; sarta banjur sarekna ana ing kono pisan ; awit ; trahing kusuma kang wus nemu dosa ora kena tetunggalan ian para leluhuré kang minulya ; yen wis kelakon bae ; sira anglapurna ; sarta angkatira anggawaa prajurit sagegamane ; kang saparo minangka pakurmataning lakuné kakangmas ; " aturipun ; kyai patih ; "sandika" ; sarta ; lajĕng biḍal ajujug ing pawarangkan ; sang pangéran ; pinanggih lenggah siḍakep ; ingaḍep abdinipun kekalih ; namung angajeng ajeng punapa ingkang dados karsanipun ingkang rayi sang prabu ; kyai patih lajĕng aḍawuhaken timbalanipun sang prabu ; yen sang pangéran kapunḍut pejah gesangipun ; baḍé kasedanan wontĕn ing wana ; awit dosa balela ing ratu saking aturing telikipun sang prabu ; sang pangéran angles ing galih ; déné baḍé kasedanan sarta dipun lokaken dosa balela ing ratu ; sered ; pangandikanipun ; "uwa ; punapa sampun sampeyan manah terang kaliyan para hayakaning praja ; anggen kula tinarka balela ing ratu? sarta ; pinanggihing pangrembag ; punapa kula kaleres kokum?" kyai patih ; "pangandikanipun sang pangéran punika ; nama ame