Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 113

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 113

Alihaksara[edit]

/kaca 113/

bu putri ; "elok temen ; buyud wulusan duwé yoga kaya mengkono" ; sang prabu ugi melongkok ; adulu ; citranipun rara senḍang dené angeblegi citranipun ingkang rayi ; sang prabu putri ; lajĕng andangu ; aja dadi atimu ; kaki wulusan ; aku pitakon marang kowé ing satemene ; rara senḍang iku apa anakmu temenan ; dené citrané angeram eramake'  ; ' kawula nuwun ; gusti ; ila ila punapa ; menawi kawula matur dora ing panjenengan paduka ; kadangu ing ratu ; ingkang kuwasa ing burni ; ayektosipun ; rara senḍang punika anak kawula pupon ; pikantuk kawula ; caḍang ing benawi ; wontening genḍaga keli ; isi bebayi' sang prabu putri ; sumeḍoting galih ; bok bilih ; punika putranipun ingkang dipun labuh ing benawi ; sang prabu ; lajĕng ngandika ; ' genḍagane ; saiki apa isih?" "kawula ; nuwun ; taksih ; kawula tarang ; wontĕn ing langitan"

'mara ; jupuken" ; 'kawula nuwun ; inggih ; sandika' ; genḍaga lajĕng kapunḍut ; kacaosaken ingarsanipun sang prabu putri ; sarta la