Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 107

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 107


Alihaksara[edit]

/kaca 107/

ne ; ḍateng senapatining prang

ingkang baḍé anglampahi damel ; sapunika ; prayogi lajĕng kondur ḍateng pasanggrahan kemawon ; sapunika ; sampun agagad enjing ; ḍatengipun ing pasanggrahan ; seḍeng parawadya sampun sami kirab" ; ingwanci saput siti ; sang prabu putri sekaliyan ingkang raka teḍak saking pratapan ; peḍiit ; angampak ampak angremeng margi ; rumput kebunan ; kasrampat ing pada angebesi busana ; lamuk sinerang soroding surya ; ingkang saweg mungup saking tancebing langit ; saya tipis ; wusana sirna ; kantun ingkang ngarameng ing kekajengan ; kaswistara jelareh ing margi kaṭah sesimpanganipun ; sang kalih awiranḍungan lampahipun ; sarwi gineman prakawis remeb remeb ; wadyabala sami kaget ; dené sang prabu putri rawuh sampun sakaliyan kaliyan ingkang garwa pangéran warihkusuma ; para abdi boten wontĕn ingkang pandung ḍateng sang pangéran ; sami surak ; gumuruh ambal ambalan ; kyai patih sarta punggawa ; kaget lajĕng medal saking pakuwonipun piyambak piyambak ; kapanggih kaliyan sang pangé