Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 10

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 10

Alihaksara[edit]

/kaca 010/

pancen rumaos boten keconggah nyembadani sang pangéran ; awit ; sang pangéran warihkusuma ; sekti mandraguna ; saged mancala putra ; mancala putri manjing ajur ajer ; lembat kagunanipun perang ; tangeh kasumerepan wewadii dng pamasangé gelaripun ayuda ; awratipun kapiji ing ratu ; sarta sampun dados wajibing senapati ; ki tumenggung ; baḍé soroh pati ; lepas ; lampahipun ; gentos cinariyos ; ing paḍukuhan mudal ing sapengkeripun sang prabu ; sang pangéran ; kirang sakeca ing galih ; anggenipun sang prabu ningali ḍateng dewi wresti ; kados mambet manah ; ing wand sowan ; baḍé ḍauping temanten ; usreg swaraning tetiyang nyambut damel ; tetingalan warni warni ; seseruhan ; ing wanci pukul tiga siyang ; sampun wiwit ḍateng ; carabalen ; sarta kebogiro ; umyung boten wontĕn kendelipun ; sang pangéran ; sampun wiwit dipun dandosi saagem agemaning panganteri ; nanging salebeting galih ; tansah mangu mangu kengetan ringasing pasuryanipun ingkang rayi sang prabu nalika nulak kondur ; bokmenawi ; anuwuhaken bebendu sakinp kacuwan karsa ; dereng dumugi panglocitaning galih ; kasaru gegering jawi alok wontĕn mengsah ḍateng sarta sampun adamel pepati kaṭah ; senapatining perang ; ki tumenggung jala