Jv/Déklarasi HAM PBB

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

ꦣꦺꦏ꧀ꦭꦫꦱꦶ​ ꦲꦩ꧀ ꦦꦺꦨꦺꦨꦺ >>

Universal Declaration of Human Rights - Javanese

audio

Pranyatan Umum Ngenani Hak-Hak Asasi Umat Manungsa

Saben umat manungsa lair kanthi hak-hak kang padha lan pinasthi lan kanthi kabébasan-kabébasan ing bakuning angger-angger[1].

Pasarékatan Bangsa-Bangsa darbé komitmen[2] kanggo njunjung luhur, nggrengsengaké, lan ngayomi hak-hak asasi umat manungsa marang saben pribadi[3].

Komitmen kasebut ingayatan saka Piagam Pasarékatan Bangsa-Bangsa kang nukulaké kamantepaning kayakinan para bangsa sa-donya tumrap hak-hak asasi umat manungsa ing bakuning paugeran sarta tumrap martabat lan ajining kamanungsan.

Ing Pranyatan Umum ngenani Hak-Hak Umat Manungsa, Pasarékatan Bangsa-Bangsa nandhesaké kanthi terwaca lan prasaja, hak-hak kang dadi darbèké saben uwong kanthi adil. Hak-hak kasebut, nyata dadi darbèkmu kabèh.

Kabèh mau, iya hakmu. Kenali lan pahamana hak-hak kasebut. Supaya kasengkuyung mbiwarakaké lan nglestarèkaké kanggo paugeran dhiri pribadhi sarta kanggo sapepadhané umat manungsa liyané.

Pranyatan Umum Ngenani Hak-Hak Asasi Umat Manungsa
Pambuka / Mukadimah

NIMBANG

manawa ngakoni marang martabat alamiah sarta hak-hak kang padha lan pinasthi ing saben warganing kulawarga umat manungsa, mujudaké landhesaning kamardikan, kaadilan, sarta bedhamèning donya.

NIMBANG

manawa nyingkur lan nganggep rèmèh hak-hak umat manungsa bisa njalari tandang tanduk kasar lan wengis kang nuwuhaké rasa runtik atiné umat manungsa, lan kabanguné donya dadi papaning umat manungsa bisa ngrasakaké lan ngalami nikmating bébas medhar panemu lan bébas ngrasuk agama sarta kalis saka rasa wedi lan was-sumelang sarta urip kacingkrangan, kapratélakaké dadi pranyatan minangka dadi gegayuhan luhur sakabèhing umat manungsa lumrah[4].

NIMBANG

manawa hak-hak umat manungsa perlu antuk pangayoman kanthi pranatan lan tatanan angger-angger[1], amrih saben uwong ora kepeksa milih nglawan[5] minangka kupiya kang pungkasan anggoné ngrékodaya kanggo nglawan marang tindak daksiya lan panjajahan.

NIMBANG

manawa mekaring pamerdi panggulowenthahing sambung pamitran ing antaraning para bangsa saben nagara perlu lan wigati dirembakakaké.

NIMBANG

manawa para bangsa ing Pasarékatan Bangsa-Bangsa, ing sajroning Piagam Pasarékatan Bangsa-Bangsa, wus padha mratélakaké kanthi tandhes anggoné ngugemi marang hak-hak kang baku umat manungsa, marang martabat lan ajining pribadiné umat, lan marang hak-hak priya lan wanita kang sadrajat lan padha, sarta wus gawé putusan bakal nyengkuyung majuning sosial sarta ajining urip amrih saya luwih becik, kanthi kamardikan kang ombèr lan jembar tebané.

NIMBANG

manawa Nagara-Nagara Anggota wus ikrar lan prajanji bakal nggayuh kang saya maju anggoné ngajèni lan ngurmati ajining umum marang hak-hak asasi umat manungsa sarta rasa bébas kang asasi[6] ing ujuding sambung makarya klawan Pasarékatan Bangsa-Bangsa.

NIMBANG

manawa kanthi manunggaling pangertèn ngenani hak-hak lan tumindak kanthi bébas kasebut, perlu banget, kanggo ngleksanani janji kanthi temen, mula,

MAJELIS UMUM

mbiwarakaké

Pranyatan Umum Ngenani Hak-Hak Asasi Umat Manungsa

minangka sawijining paugeran umum kanggo kasiling gegayuhan saben bangsa lan saben nagara, déné kang katuju supaya saben uwong lan saben bebadan ing satengahing bebrayan[7], kanthi tansah éling lan ngugemi Pranyatan iki, tansah mersudi ngadani panggulowentah supaya rasa ngajèni lan ngurmati hak-hak sarta urip bébas kasebut saya mekar ngrembaka. Sarta kanthi réka daya progrèsip kang asipat nasional lan internasional, bisa nanggung wujuding kasaguhan ngakoni lan anggoné asung pakurmatan kanthi universal lan èfèktif, iya saka bangsa-bangsa ing Nagara-Nagara Anggota, kalebu bangsa-bangsa ing laladan kang kabawah panguwasaning angger-anggeré[1].

BAB: 1[edit]

Saben uwong kalairaké kanthi mardika lan darbé martabat lan hak-hak kang padha. Kabèh pinaringan akal lan kalbu sarta kaajab pasrawungan anggoné memitran siji lan sijiné kanthi jiwo sumadulur.

BAB: 2[edit]

Saben uwong darbé hak tumrap hak lan kabébasan-kabébasan kang tinulis ing Pranyatan Umum iki tanpa pilih kasih, kabèh warata lan adil ing samubarang, kayata: béda-bédaning ras, warnaning awak[8], béda-bédaning lanang lan wadon, basa, agama, pulitik, lan panemu liyané, asal-usul suku bangsa lan bebrayan, hak darbé, tatalair, lan kalungguhan liyané.

Sakbanjuré, ora bakal ana prabédané tumrap kalungguhan pulitik, angger-angger[1] utawa kalungguhan internasional saka nagara utawa laladan asal-usuling sawijining uwong, sanadyan saka nagara mardika, laladan-laladan ing panguwasaning wali, jajahan utawa kang winengku ing kawasaning liyan.

BAB: 3[edit]

Saben uwong nduwèni hak ingatasing uripé, bébasing uripé, lan kaslametané minangka pribadi[3].

BAB: 4[edit]

Ora kena sawijining uwong didadèkaké budhak utawa batur, maujuding budhak lan batur tukon kanthi ujud apa waé dadi larangan.

BAB: 5[edit]

Ora kena sawijining uwong disiya-siya ing siksa, utawa nandhang tindak kejem, dipatrapi utawa nampa pidana kang ora kaya lumrahing umat manungsa utawa siningkur karèmèhaké.

BAB: 6[edit]

Saben uwong darbé hak tumrap paseksi ing sajroning angger-angger[1] minangka umat manungsa sacara pribadi ing endi waé papan dunungé.

BAB: 7[edit]

Ngadepi hukum, kabèh duwé hak padha lan darbé hak olèh pangayoman angger-angger sing padha, tanpa dibéda-bédakaké. Kabèh duwé hak ingayoman sing padha marang tumindak mbéda-mbédakaké[9] kang ora cundhuk[10] karo Pranyatan iki, lan marang sawernaning pamilut[11] sing tumuju marang tumindak diskriminasi kasebut.

BAB: 8[edit]

Saben uwong nduwèni hak kapulihaké kanthi trep saka sesambungané kapatrapan pengadilan nasional tumrap tindak-tanduk kang nalisir saka hak-hak baku kang déning angger-angger[1] kapasrahaké dadi haké.

BAB: 9[edit]

Ora ana siji waé uwong kang kena ditangkep, ditahan utawa kasingkiraké kanthi sawenang-wenang.

BAB: 10[edit]

Saben uwong, kanthi nduwèni drajad padha ing satemené, darbé hak tumrap pangadilan kang adil lan tinarbuka déning pangadilan kanthi bébas lan ora bot-sih, ing babagan netepaké hak lan kuwajiban-kuwajiban sarta ing sajroning nampa saben ancaman pidana kang ditetepaké marang saben uwong.

BAB: 11[edit]

1. Saben uwong kang didakwa amarga dianggep nindakaké laku nalisir saka angger-angger[1], dianggep durung nyandhang kaluputan sadurungé angger-angger[1] mbuktèkaké kaluputané ing pangadilan kang tinarbuka, ing bab iki saben uwong olèh jaminan kang diperlokaké kanggo mbélani haké.

2. Ora ana uwong siji waé kang kena dianggep luput nindakaké nglanggar angger-angger[1] utawa tlédhor, kang ora mujudaké tindak nalisir saka angger-angger[1] nasional utawa internasional, ing titi mangsa tumindak mau linakonan. Uga ora prayoga nemtokaké paukuman kang luwih abod katimbang paukuman kang katetepaké nalika tindak nglanggar angger-angger[1] iku linakonan.

BAB: 12[edit]

Ora ana uwong siji waé kang kena dirégoni hak pribadiné, kulowargané, balé wismané utawa sesambungané nampa lan ngirim layang kanthi sawenang-wenang; uga marang hak pakurmatan lan ajining diri. Saben uwong ndarbèni hak kaayoman déning angger-angger[1] awit saka anané gangguan utawa tindak nalisir mangkono iku.

BAB: 13[edit]

1. Saben uwong darbé hak tumrap bébasing tumindak utawa ora nindakaké apa-apa ing sajroning laladan wewengkoning nagara.

2. Saben uwong darbé hak ninggalaké sadhengah nagara, kalebu nagarané dhéwé, lan darbé hak bali manèh menyang nagarané.

BAB: 14[edit]

1. Saben uwong darbé hak ngupaya pangayoman marang nagara liya kanggo pangayoman amarga anggoné dadi buronan.

2. Hak kasebut ora kena kaetrapaké manawa anggoné dadi buron iku nyata kang dadi sababé awit tumindak kadursilan kang ora gegandhèngan karo pulitik, utawa karana tumindak kang nalisir karo tujuan sing baku saka Pasarékatan Bangsa-Bangsa.

BAB: 15[edit]

1. Saben uwong darbé hak dadi warga nagara.

2. Ora ana uwong siji waé kang kanthi tanpa landhesan tatanan banjur kabatalaké anggoné dadi warga nagara utawa ditampik haké kanggo salin dadi warga nagara liya.

BAB: 16[edit]

1. Priya lan wanita kang wus diwasa kanthi tanpa mawas bangsa, warga nagara utawa agama, darbé hak nglakoni ningkah lan mbangun kulawarga. Kabèh nduwèni hak kang padha ing babakan neningkahan, ing sajroning alam ningkah lan ing alam pegatan[12].

2. Neningkahan amung bisa dileksanani adhedhasar pilihan bébas lan temen-temen dadi pasarujukané pengantèn sakeloron.

3. Kulawarga[13] iku sawijining tetunggalan kang alamiyah lan baku ing bebrayan[7] lan nduwèni hak pangayoman saka bebrayan[7] lan nagara.

BAB: 17[edit]

1. Saben uwong duwé hak ndarbèni bandha, kanthi pribadi utawa bebarengan karo uwong liyané.

2. Ora ana uwong siji waé kena dirampas bandhané kanthi sawenang-wenang.

BAB: 18[edit]

Saben uwong darbé hak bébas duwé panemu, kalbu, lan agama. Ing babakan iki kalebu hak bébas ganti agama lan kapitayan, lan hak bébas kanggo aneksèni agamané utawa kapitayané, kanthi cara nggelar piwulang, nglakoni, laku ibadhah, lan setya tuhu ngugemi percayané, kanthi cara pribadi utawa bebarengan karo uwong liyané, ing ngedhengan[14] utawa pribadi.

BAB: 19[edit]

Saben uwong darbé hak ingatasé hak bébas mratélakaké panemuné, kalebu duwé hak bébas darbé panemu tanpa diganggu[15], lan kanggo ngupaya, nampa sarta mratélakaké informasi lan pamikiran panemuné lumantar média apa waé kanthi tanpa mawas watesing wewengkon laladan.

BAB: 20[edit]

1. Saben uwong nduwèni hak ingatasé hak bébas ngumpul lan gawé paguyuban tanpa anané rudapeksan.

2. Ora ana uwong siji waé kang kena dipeksa lumebu ing sawijining paguyuban[16].

BAB: 21[edit]

1. Saben uwong nduwèni hak cawé-cawé ing kaperluané pamarintah nagarané, kanthi langsung utawa lumantar wakil-wakil kang pinilih kanti bébas.

2. Saben uwong darbé hak kang padha kanthi kalodhangan kang padha bisa kawisudha tampa kalungguhan[17] pamarintah ing nagarané.

3. Gegayuhaning rakyat kudu dadi lambaran baku wewenangé pamarintah, gegayuhan iki kudu kawujudaké kanthi cara anané pamilihan umum kang dianakaké ing wektu kang tinamtu lan murni kanthi hak pilih kang umum lan sadrajat, kanthi pungut swara sacara wadi utawa kanthi pranatan liya angger bisa nanggung hak bébas anggoné milih.

BAB: 22[edit]

Saben uwong, minangka warganing bebrayan[7] nduwèni hak ingatasé jaminan sosial, sarta darbé hak amrih kaleksanané hak-hak ékonomi, sosial, lan budaya sing dadi kaperluwan martabaté sarta mekaring pribadiné kanthi bébas, lumantar rékadaya nasional utawa karya pamitran internasional, condhong marang tata pranatané lan sumber dayaning nagara.

BAB: 23[edit]

1. Saben uwong nduwèni hak pagawéyan, hak bébas milih pagawéyan, darbé hak anané syarat-syarat nyambut gawé kanthi adil lan nguwohaké kauntungan sarta nduwèni hak ingayoman ing kahanané nalika ora nyambut gawé[18].

2. Saben uwong kanthi ora kabéda-bédakaké, darbé hak ingatasé opah[19] kang padha tumrap pagawéyan kang padha.

3. Saben uwong kang nglakoni pagawéyan nduwèni hak nampa opah[19] kang adil lan nguntungaké[20], kang nanggung bisané dadi panguripan kang murwat kanggo dhiri pribadi lan uga marang kaluwargané, lan manawa ana wigatiné katambah ing lindhungan kaperluwan sosial liyané.

4. Saben uwong darbé hak nggawa lan ngleboni paguyuban-paguyuban pegawé kanggo ngayomi kaperluwané.

BAB: 24[edit]

Saben uwong nduwé hak ngaso lan libur, kalebu pranataning wanci nyambut gawé kang murwat lan dina libur kang pantes kanthi wewaton tumata, lan tetep nampa opah[19] karya.

BAB: 25[edit]

1. Saben uwong nduwèni hak bisané urip kanthi murwat, kanggo kasarasan lan katentremané dalasan kulawargané, tan keri ing bab hak pangan, sandhang, papan, lan pangopèning kasarasan sarta kaperluwan sosial sing dadi kabutuhan lan hak olèh tanggungan jaminan nalika ngalami nganggur, nandhang lara, cacat, dadi warandha, nyandak umur tuwa, utawa kahanan liyané kang njalari kacingkrangan, kang nyata ngluwihi daya kekuwatané.

2. Para biyung[21] lan bocah-bocah darbé hak olèh pangopèn lan pitulungan mirunggan[22]. Kabèh bocah, kang lair ing sajroning tatanan ningkah utawa sa-njabaning tatanan ningkah kudu antuk pangayoman sosial kang padha.

BAB: 26[edit]

1. Saben uwong darbé hak olèh panggulowenthah ing sekolah[23] kanthi gratis, saora-orané tumrap sekolah[23] dhasar. Sekolah[23] dhasar kawajibaké. Sekolah[23] tèhnik lan jurusan umum kanggo saben uwong kanthi tinarbuka, saben uwong bisa lumebu ing sekolah[23] luhur kanthi pranatan kang padha salaras karo murwat lan pantesé.

2. Panggulowenthah kudu kaeneraké amrih saben pribadi isa mekar kanthi ombèr, isa ndayani saya kandelé rasa bisa ngajèni lan ngurmati hak-hak asasi umat manungsa lan kabébasan-kabébasan kang baku. Panggulowenthah ing pawiyatan kudu bisa nenangi lan mekaraké rasa tepa salira karo pepadhané, mekaring pamitran, paseduluran ing antarané bangsa-bangsa, bebrayan, ras apadéné agama, sarta njalari kudu saya majuning Pasarékatan Bangsa-Bangsa sajroning memetri lan nyipta dhamèn[24].

3. Para wong tuwa, darbé hak utama sajroning milih pawiyatan papan panggulowenthah kanggo anak-anaké.

BAB: 27[edit]

1. Saben uwong duwé hak ngrasuk lan ambyur ing kiprahing kabudayan ing sadina-dinané ing bebrayan, ngresepi seni, lan bisa ngrasakaké ngalami majuning urip lan paédahing kawruh.

2. Saben uwong duwé hak antuk pangayoman anggoné kiprah lan makarya ing babagan ngèlmu lan kawruh - kang arupa pangayoman marang kauntungan sing awujud moril utawa materiil, uga ing kasusastran utawa seni kang cinipta[25] karyané.

BAB: 28[edit]

Saben uwong darbé hak ingatasé pranatan sosial, nasional, lan internasional, salaras karo hak-hak lan kabébasan-kabébasan kang kamot ing Pranyatan iki bisa kanthi temen maujud.

BAB: 29[edit]

1. Saben uwong nduwèni kuwajiban marang bebrayan[7], kang sanyatané ora ana papan liya kang bisa dadi papan mekaring kapribadèn kanthi bébas sarta temen-tumemen.

2. Sajroning ngleksanani hak-hak lan kabébasan-kabébasané, saben uwong kudu mbangun miturut marang pranatan kang salaras karo angger-angger[1], kang isi ancas lan tujuwan sing ora ana liya kajaba mung amrih gumolonging niyat ngugemi lan ngurmati kanthi trep marang hak-hak lan kabébasan-kabébasan uwong liyané, kanggo mujudaké syarat-syarat kang adil ing bab kasusilan, tertib tumata lan katentremaning umum, ing bebrayan[7] kang démokratis.

3. Hak-hak lan kabébasan-kabébasan kasebut, kanthi alesan lan pawadan apa waé, ora kena dilaksanani nalisir karo ancas lan tujuwan sarta wewaton-wewatoning Pasarékatan Bangsa-Bangsa.

BAB: 30[edit]

Ora ana siji waé isi sajroning Pranyatan iki kena katapsir mènèhi kalodhangan marang sawijining Nagara, paguyuban, utawa pribadi, kang awujud hak supaya olèh utawa murihaké antuk pakaryan apa waé, utawa nglakoni tumindak kanthi tujuwan ngrusak hak-hak lan kabébasan-kabébasan wujud apa waé kang kapacak ing sajroning Pranyatan iki.

Sumber[edit]

© The Office of the High Commissioner for Human Rights

OHCHR-UNOG
8-14 Avenue de la Paix
1211 Geneva 10, Switzerland
+41 22 917-9000
udhr@ohchr.org

Cathetan[edit]

  1. 1.00 1.01 1.02 1.03 1.04 1.05 1.06 1.07 1.08 1.09 1.10 1.11 1.12 (wewaton = undhang-undhang)
  2. (tékad nglaksanakaké maujudé janji lan kasaguhané)
  3. 3.0 3.1 (individu)
  4. (kawula alit)
  5. (mbrontak)
  6. (kanthi paugeran)
  7. 7.0 7.1 7.2 7.3 7.4 7.5 (masyarakat)
  8. (walulang)
  9. (diskriminasi)
  10. (cocok)
  11. (ngojok-ojoki)
  12. pepisahan
  13. Brayat
  14. (ngareping umum)
  15. dirégoni
  16. pakumpulan
  17. jawatan
  18. nganggur
  19. 19.0 19.1 19.2 (pituwas, asil)
  20. bathi
  21. (ibu)
  22. (astamiwa)
  23. 23.0 23.1 23.2 23.3 23.4 (pawiyatan)
  24. pirukun
  25. asil