Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Beboeka

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search

Status: 100%.png

Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Beboeka
Pérangan Kang Kapisan
Djaman Inḍoe.
Abad 2 oetawa 3 tekan abad 16.
Beboeka.

Moenggoeh babading tanah Inḍija-wétan ḍèk doeroeng katekan bangsa Inḍoe, sepréné lagi seṭiṭik banget kang woes kawroehan. Malah wong Inḍoe ikoe baé ija doeroeng kasoemoeroepan terang ḍèk kapan tekané ing kén élan keprijé kaanané ing kala wiwit-wiwitané.

Moeng baé woes jakin, jèn kemadjoean lan tata-soesilaning wong Inḍija kéné iki bibit-sekawité saka dajaning wong Inḍoe kang asalé saka ing tanah Inḍoe sisih kidoel.

Katjarita nalika taoen 261 sadoeroengé taoen Walanda ing Inḍoe-ngarep ana ratoe adjedoeloel Praboe Açoka, djoemeneng nata ing negara Patalipoetra (ing sawétan Benares), lan agamané Boeda. Kresané sang Praboe pradja tjilik-tjilik ing saoebenging kono arep digoeloeng didadèkaké nagara sidji, kang geḍé lan sentosa. Akiré bisa kelakon, mèh satanah Inḍoe-ngarep kabèh mloempoek, kinoewasan ing ratoe sawidji. Moeng ing poentjit kidoel, wiwit saka saloring Madras lan Mangalore, kraton-kratoné presasat madeg ḍéwé-ḍéwé, ora pati kewengkoe ing pradja-pradja tanah lor. Pradja-pradja sisih kidoel ikoe maoe oega geḍé dajané toemraping kemadjoean lan tata-soesilaning tanah-tanah ing sakoebengé. Déné kang djoemeneng ratoe: 1 Para Panḍawa (Pandava) kang kotjap ing lajang Maha-bharata. 2 Darah Pallava (ajaké ing peketjapan Djawa: Malawa) kesoewoer wiwit atoesan taoen sadoeroengé taoen Walanda nganti tekan abad 9, déné komboel-komboelé wiwit ing tengahing abad 6 tekan tengahing abad 8. Ing djaman ikoe titi-mangsa adeging jejasan kang èdi-èdi, kajata: tjanḍi-tjanḍi jasané Mahendra-warman (600-625). Ana wong Tjina agama Boeda djenengé Hüen-Tsang njandra pradja Pallava ikoe soerasané nélakaké jèn tanahé lph lan betjik pengolahé, wong-wongé paḍa poendjoel ing kawanterané, setya-toehoe, roekoen lan ngoedi marang oenḍaking kawroeh.

Kang kendel lelajaran, nganti bisa gawé koloni-koloni ana ing Indo-China, Malaka lan kapoeloan Soenḍa, ija para bangsa ing Inḍoe sisih kidoel ikoe, loewih-loewih wong Pallava. Wiwit satoes taoenan sadoeroengé taoen Walanda wis ana papan-papan sawetara kang dienggoni wong Inḍoe, déné geḍé-geḍéning emigratie ana ing sadjroning abad 2 tekan 6, bokmenawa kegawa saka ing tanah Inḍoe kana kakèhen djiwané lan marga saka paperangan karo bangsa-bangsa ing sisih eloré.

Koloni sing geḍé-geḍé, jaikoe:
Tjampa ing Annam pasisir wétan.
Kambodja, kaedegaké ing taoen 435. Ing kono dijasani tjanḍi-tjanḍi Brahma oetawa Boeda akèh banget.
Koetei ing Borneo-lor lan Soekadana ing Borneo-kidoel.
Palémbang (Çrivijaya)
Djawa-tengah

Tekané ing tanah-tanah ikoe wong Inḍoe anggawa agama (Boeda oetawa Brahma) lan kagoenan warna-warna, kajata matja, noelis, mbaṭik, medel; bandjoer jasa tjanḍi-tjanḍi lan omah apik-apik. Wong Priboemi diweroehaké marang barang-pedagangan warna-warna, jaikoe bangsa sanḍang-penganggo, bangsa gegaman, pèni-pèni awowdjoed ontjèn motiara, bekakas-bekakas lijané kang abakal gaḍing oetawa emas, lan sapanoenggalané.

Çrivijaya ikoe terang jen kegolong kang geḍé ḍéwé, malah bokmenawa dadi baboning kawroeh lan kagoenan toemraping tanah-tanah lijané kang kasboet ing ḍoewoer. Ana kang ngira jen praboe Jayawarman, naréndra ing Kambodja, kang miwiti jasa koeṭa lan tjanḍi-tjanḍi Angkor, ikoe darahing ratoe ing Soematra.

Pradja-pradja maoe ing sekawit nganti soewé enggoné nganggo agama Boeda.