Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 24

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 24

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


24 Pérangan Kang Katheloe Bab 4 Perang Dipanegaran (tahoen 1825 - 1830)

1820 - 1823 Pakoe Boewana V (Soenan Soegih) 1823 - 1830 Pakoeboewana VI (Soenan Bangoen Tapa) 1830 - 1850 Pakoe Boewana VII

1822 - 1855

Hamengkoe Boewana V (Soenan Ménol)

1819 - 1826

GG. v. d. Capellen 1826 - 1830 Loeit GG. de Kock


Nalikané sédané Kangdjeng Soeltan Hamengkoe Boewana III ing tahoen 1814, pangéran patiné lagi yoeswa 13 tahoen. Saka karsané Kangdjeng Toewan Loeitnant Generaal Raffles, Pangéran Pakoe Alam I tinanggenah angembani kaprabon; Pangéran Pakoe Alam iki becik tepoengé karo bangsa Inggris, lan bésoeké iya becik karo bangsa Walanda. Dhèk samana Ngayogyakarta oega akèh wong sing ora seneng marang bangsa Eoeropa. Sing dadi leladjering golongan maoe Pangéran Dipanegara.

Pangéran Dipanegara kang nalika nèm nèmané asma Pangéran Antawirya ikoe poetrané Kangdjeng Soeltan Radja, kang sepoeh dhéwé, nanging saka garwa ampéyan, moelané ora goemantos djoemeneng ratoe. Sang Pangéran ora narimakaké déné ora olèh pangoewasa apa apa toemraping papréntahan. Saya banget ora senengé, bareng nalika Soeltan IV djoemeneng, teka iya ngatingalaké soedjoedé marang pangoewasaning bangsa Eoeropa. Rèhning Soeltan Sepoeh biyèn iya ora seneng marang bangsa Eoeropa, dadi golongané Dipanegara oega sineboet golongan Kasepoehan.

Kangdjeng Soeltan IV djoemeneng ora soewé, moeng watara 2 tahoen séda, lagi mentas kondoer saka besiyar. Pangéran patiné lagi yoeswa 2 tahoen. Para gedhé ing karaton padha doewé panyoewoen marang Kangdjeng Paréntah Loehoer ing Betawi soepaya pangrèhing Pradja adja dipasrahaké marang Pangéran Pakoe Alam. Panyoewoené kapitoeroetan, prakara pangrèh pradja kang nindakaké Pepatih dalem apangkat Ridjksbestoeoerder, sarta toemindaké kanthi dititi pariksa ing Kangdjeng Toewan Résidhènt. Déné kang minangka embané Sang Praboe Timoer lan kinoewasakaké mranata barang kagoengan dalem, yaikoe Kangdjeng ratoe Ageng, Kangdjeng ratoe Kencana, Pangéran Mangkoeboemi lan Pangéran Dipanegara. Pranatan mangkono ikoe banget ora ndadèkaké sardjoening panggalihé Pangéran Dipanegara, djalaran Papatih dalem soedjoed banget marang Walanda, sarta kelakoeané ambtenaren Walanda ing Ngayogyakarta kono ing nalika ikoe pancèn ora becik. Kadjaba ikoe pranataning Walanda nyéwa boemi ana ing tanah karadjan Jawa iya ora ndadèkaké sardjoené Pangéran Dipanegara . Dhèk tahoen 1774 boemi lenggah ana 677.000 cacah. Ing tahoen 1820 moeng dikarèkaké 52.300 cacah, awit boemi kasoeltanan ing tahoen 1812 kalong tanah Kedhoe lan liya liyané. Marga saka ikoe para gedhé kepeksa soeda banget pemetoené, loewih loewih bareng ananing pranatan wong Walanda nyéwa tanah, cacahing boemi loenggoeh sangsaya soeda. GG. van der Capellen ing tahoen 1823 ndhawoehaké nyoewak ananing pranatan nyéwa lemah ing dhoewoer maoe, pradjangdjian pradjangdjian padha diwoeroengaké. Wiwitané golongan Kasepoehan seneng banget kroengoe bab soewakan pranatan ikoe, wasana kabèh padha kagèt, bareng ditemtokaké padha mbayar karoegiyan marang toewan, awit enggoné nyéwa lemah doeroeng toemeka mangsa pradjangdjiané, kepeksa diboebaraké. Bandha kasoeltanan bandjoer coemprang camprèng banget. Wong cilik oega rekasa atiné, sanggané saka nagara abot, loewih loewih bareng boemi kagoengané Kangdjeng Soeltan wis dioengkred. Lan manèh soewaking pranatan nyewa tanah oega agawé kasoesahané wong cilik. Déné kang banget digethingi ing wong cilik yaikoe panariking dhoewit béya, kang ditebasaké marang Tjina Tjina, awit para Tjina sok kebangeten enggoné ngebotaké panariké. Kang ditarik béya ikoe wong, oetawa wong nggawa barang, liwat ing sawidjining panambangan, liwat ing wates lan ing papan liyané kang woes tinamtokaké, papan papan ikoe ing bangsa Walanda diarani "Tolpoorten" Pangéran Dipanegara saya soewé saya gedhé pamoering moeringé angoeningani kaanan ing dhoewoer maoe lan ngraosaké kisroehé sadjroning kraton, sarta manèh tradjangé para ambtenaar Walanda kerep gawé serik. Nalika semana Paréntah arep yasa ratan, nradjang tanah palemahané Pangéran Dipanegara. Ikoe banget ndadèkaké panggrantosé Sang Pangéran. Wasana Sang Pangéran bandjoer kèndel ora karsa campoer prakara apa apa, tekadé moeng soewidji, nedya madeg kraman.

Mirit soerasaning babad anggitané Adipati Cakranegara, Boepati ing Poerworedja, Sang Pangéran bandjoer mempeng ana ing Sélaradja baé, rina wengi anggentoer panoewoené, sinambi ngadji Koer'an lan maos babad koena. Pangagemé sarwa ireng (woeloeng). Bareng wis yakin yèn wong kabèh ngerti kang dadi antepé Sang Pangéran, yaikoe arep madeg kraman, Sang Pangéran bandjoer wis ora soemelang manèh marang ing katékadané. "Wong mono bisa ana bedjané".

Dalemé Pangéran Dipanegara ing Tegalredja watara sa-pal saka ing Nagara kaprenah ing lor koelon. Para kang kecoewan pikiré kloempoeké ing kono. Dadining kraman tinamtokaké toemiba malem tanggal 7 sasi Soera. Doeroeng nganti klakon, ketoengka oetoesaning Résidhènt, narik Pangéran Dipanegara arep dinangoe apa kang dadi karsané. Sang Pangéran oncat saka kono kanthi Pangéran Mangkoeboemi, menyang Selarong. Wong cilik akèh kang nggroebyoek Dipanegara, anggoesah para Tjina, ngrayah dhoewit béya lan ndjarah pasar pasar. Bareng wis roemangsa keconggah, Dipanegara sabalané anempoeh kraton Ngayogyakarta kinepoeng wakoel binaya mangap. Golongan Dipanegara: 1. Pangéran Mangkoeboemi, 2. Kyai Madja, 3. Basah Prawiradirdja (Senthot). Kang dimoengsoehi: Priyagoeng kraton sapoenggawané, patih lan ambtenar Walanda. Kangdjeng Soeltan Timoer noeli dioengsèkaké marang sadjroning bètèng Walanda, kang oega bandjoer kinepoeng ing bala kraman nganti watara soewé. Walanda ing sadjabaning bètèng akèh kang nemoe pati. Paréntah loehoer ing Betawi mireng mireng kabar, bareng kraman wis sentosa, toemoeli énggal nglakokaké Jénderal de Kock, soepaya nyirep kraman, nanging sarèhné bebarengan kraman ing Palémbang lan ing Boné, dadi de Kock kekoerangan pradjoerit, ora bisa nyirep oebaling kraman ana Rembang lan Kedhoe. Rahayoené ing Soerakarta saka pamboedi dayané de Kock ora klakon ana kraman, éwa déné kraman ing Ngayogyakarta sangsaya gedhé, awit bandjoer diondhangaké dadi perang sabil preloe kanggo ngoekoehi agama. Dipanegara enggoné ngondhangaké perang sabil ikoe saka panoewoené Kyai Madja. Perangé pradjoerit Walanda rekasa banget, djalaran Dipanegara ora tanggon, barisé ana ing papan kang angèl ambah ambahané, panempoehé ngentèni lénané bala Walanda, lan kerep olèh gawé, moelané bala kraman moendhak gedhé atiné, lan bisa woewoeh woewoeh akèhé. Ana Sénapatining kraman satriya nom noman lagi oemoer 18 tahoen, djenengé Basah Senthot Prawiradirdja, éwadéné woes katon kawanterané lan bisa anata bala. Sarèhné Paréntah Loehoer rada karépotan, noeli golèk akal liya kanggo ngendhakaké atiné kraman. Soeltan Sepoeh kang wis kikéndhang déning Raffles, dibalèkaké manèh menyang Ngayogyakarta, soepaya para kraman padha noengkoela aris. Soeltan Sepoeh didjoemenengaké ratoe, nganggo predjandji koedoe mitoeloengi marang Kangdjeng Goepermèn lan ngidjoli wragadé perang. Déné Soeltan Timoer bakal kadjoemenengaké manèh, bésoek ing sasédaning éyangé. Joemeneng Soeltan Sepoeh ora bisa ngendhakaké atining kraman, malah nawala dalem Soeltan Sepoeh marang Pangéran Dipanegara, diwangsoeli cecampah lan pangoeman oeman. Ing tahoen 1828 Soeltan Sepoeh séda. Jènderal de Kock pancèn ora roedjoek marang Goepermèn enggoné ngangkat Soeltan Sepoeh, moelané golèk akal dhéwé sing loewih mikolèhi, yaikoe ngedegaké bètèng cilik cilik ing watesing papan kang wis kena direboet, sarta ditinggali pradjoerit. Wasana Pangéran Dipanegara sangsaya roepak marang djadjahané. Sanadyan Commissaris Generaal Doe Boes nacad marang tindaké Jènderal de Kock merga enggoné ngentèkaké dhoewit, mangka Commissaris Generaal tinanggenah anggemèni bandha Goepermèn, éwadéné Jènderal de Kock isih ora moendoer, awit nyatané senadyan akèh wragadé, kraman iya énggal keroepakan papan, moeng kari moebang moebeng ing Bagelèn lan kidoel Ngayogyakarta. Ing tahoen 1829 pradjoerit Goepermèn ngangseg, toer noeli olèh bantoe pradjoerit anyar saka Walanda. Sénapatining kraman akèh kang padha noengkoel. Senthot mbalik ndèrèk Goepermèn, Kyai Madja kecekel, Pangéran Mangkoeboemi asrah bongkokan. Ing tahoen 1830 Dipanegara tetemonan lan de Kock ana ing Magelang. Sarèhné Dipanegara koekoeh enggoné ndjaloek djoemeneng Soeltan Panatagama, bandjoer dicepeng, dikéndhang menyang Menadho, ing tembéné dielih menyang Makasar. Ing tahoen 1855 séda. Senadyan Pangéran Dipanegara wis kecepeng, tanah Kedjawan meksa doeroeng tentrem babar pisan, tentrem temenan ing tahoen 1850. Merga anané kraman, tanah Kedjawan roesak banget, kalongé djiwa tanpa wilangan, pradjoerit Goepermèn bae kang mati 15.000, déné wragadé perang 20 yoeta roepiyah. Soepaya yèn ana kraman adja nganti gedhé manèh, djadjahan djadjahan Ngayogyakarta dielongi Bagelèn lan Banyoemas, minangka pambayaring wragad perang. Senadyan Soerakarta ora mèloe barang barang malah oeroen pradjoerit, éwadéné djadjahané Madiyoen lan Kedhiri oega dipoendhoet ing Kangdjeng Goepermèn, kang mengkono ikoe moerih tentreming negara. Kangdjeng Soenan mesthi baé ora lega, noeli lolos tindak menyang Imagiri lan Parangtritis, nenoewoen marang leloehoeré, nanging ketoeroetan oetoesaning résidhènt Soerakarta noeli dikéndhang menyang Ambon, awit kadakwa arep ngraman. Kang goemanti Soesoehoenan Pakoe Boewana VII, ndèrèk marang karsaning Goepermèn, Madiyoen lan Kedhiri dadi tanah Goepermèn. Ing sawoesé ana kraman Dipanegara, katon yèn pamérangé djadjahan Ngayogyakarta lan Soerakarta, ora prayoga, djalaran djadjahan djadjahané ora Anggolong dadi sidji, ana kang pating croewil pating slempit. Wasana tansah ndadèkaké pasoelayan lan yèn ana kraman gampang toemoelaré ing liyan djadjahan, moelané watesing djadjahan Soerakarta lan Ngayogyakarta bandjoer diprenata manèh.