Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 95

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 95

Alihaksara[edit]

/kaca 095/

ndum wilujeng ; gentos kacaariyos ; lolosipun prabu warihkusuma saking paprangan ; anarka büih nagarinipun sampun kaejegi mengsah ; punapa raden udakawimba ; punapa tiyang sanes punika dereng

kantenan ; mupus ; salebeting galih ; kencenging karsa baḍé mawiku kemawon ; lajĕng tindak amurang margi ; dumugi sakuning ardi rancakharni ; celak pasanggrahanipun prabu hertambang ; ngiras kanggé pakendelan layon ; punika ; wontĕn marginipun angampat ; simpangipun ingkang ḍateng pasanggrahan ; turut pereng ; minggah dumugi ing lambunging ardi ; ing riku wontĕn guwanipun alit acekli ; kados tilas ; pratapaning maharsi ; katitik ; wontĕn pahomanipun ; wewengkoning guwa ; patamanan ; nanging ; katingal sampun risak ; kekajenganipun ageng ageng ; kadosta ; kemuning bang ; nagasari ; soka tuwin sanes sanesipun angayomi pamidikan ; sang prabu ; kacaryan ing galih ; sumedya kendel ; tetruka wonton ing riku ; wewengkoning guwa ; lajĕng dipun resiki ; sarta lajĕng damel pasareyari ; kalikaning kajeng secang ginapit ing pan jai in wungu ; kajang sirahipun ; ḍumpal kajeng walulin ; sang pra